40 Pantun Lebaran Bahasa Jawa 2024 yang Lucu dan Unik

Sudah siap menyambut lebaran 2024? Siapkan ucapan lebaran andalanmu untuk dikirim via WhatsApp atau dibuat story di media sosial. Agar lebih berkesan, coba gunakan pantun lebaran bahasa Jawa 2024.
Dijamin, ucapanmu dalam bentuk tersebut akan diingat sampai lebaran tahun depan. Apalagi, pantun-pantun bahasa Jawa ini juga lucu.
Berikut daftar pantun lebaran bahasa Jawa 2024 yang bisa dijadikan inspirasi. Simak, ya!
1. Pantun lebaran bahasa Jawa 2024
1. Dolan-dolan menyang kutha Karanganyar
Mulih-mulih mampir ing taman sriwedari
Aku isih bakale sadhar
Menawa dina iki riyaya fitri
2. Iwak teri ngombe teh
Tuku gulo nang Wonokromo
Aku ngerti salahku akeh
Mulo iku sepurane yo
3. Es kolak dipangan baya
Bayane ngelak sawise pasa sedina
Senajan wis dadi wong tuwa
Aja isin njaluk sepura
4. Kembang kemuning ditandur ing latar
Gandane wangi ing wayah wengi
Sapa wae aja kelangan nalar
Nganti lali werdhine dina riyaya fitri
5. Wit jambu ketiban klapa
Jambune entek dipangan baya
Sapa wae sing nindakake pasa
Sesuk bakale duwe dina riyaya
6. Abu-abu dowo iku kawat
Yen reged ayo dilap
Ayo dulur mangan kupat
Supoyo riyoyo luwih lengkap
7. Mbah Tumini dodolan sega pecel ing pasar karangan
Dodolane murah ora ketulungan
Senajan taun iki lebarane isih dhewekan
Muga-muga lebaran taun ngarep wis duwe pasangan
8. Mangan burger didum wong lima
Supaya wareg aja lali ditambahi sega
Wong muslim sadonya padha bagya
Mapag tekane dina riyaya
9. Klambi bathik lengenane dawa
Bathikane wong duwe gorengan
Sasi pasa wis tekan paripurna
Tegese sesuk wis wancine lebaran
10. Suroboyo tanahe jowo
Rakyate tentrem murah pangan sandang
Dino riyoyo sungkem wong tuwo
Dadak pas sungkem ambune pindang
2. Pantun lebaran bahasa Jawa 2024
11. Tuku kangkung nang Mojokerto
Mangan kripik campur telo
Mumpung isih riyoyo
Dino becik njaluk sepuro
12. Pitik walik turut kebon jenenge nanas
Didol ing pasar larang regane
Dadi wong aja gampang panas
Mundhak ilang pahalane
13. Awan-awan paling enak ngombe es degan
Luwih enak dikancani mangan gorengan lima
Senajan durung teka wayahe lebaran
Aku teka mrene kanggo njaluk pangapura
14. Numpak bentor menyang Surabaya
Mbayare mung seket ewu
Sowanku menyang omahmu ing dina riyaya
Mung kanggo njaluk pangapuramu
15. Banyu kopi ireng rupane
Senajan ngono enak banget rasane
Lebaran aja mung melu-melu kancane
Supaya ora kelangan pahalane
16. Wingi sore bapak mundhut klambi koko
Sesuk esuk bakal digawe sembahyang ing lapangan
Wis gedhe aja dadi wong bodho
Lebaran aja mung golek jajan
17. Mangan klapa campur mentega
Ana tawon ngisep madu
Sekabehane luput padha disepura
Muga-muga lebarane rinesep ing kalbu
18. Menyang malang pengin tuku batik
Tukune sing rupane ungu
Yen sesuk sida lebaran, dhik
Apa entuk aku dolan menyang omahmu?
19. Banyu kali rupane soklat
Ana wong sing kelangan kumbahan
Aja lali sesuk mbayar zakat
Sadurunge teka wayahe lebaran
20. Ana kalamangga nguntal ula naga
Pitik sing nyawang wedi ora ketulungan
Dina iki wis ora kena nindakake pasa
Aja lali jajane enggal dipangan
3. Pantun lebaran bahasa Jawa 2024
21. Suroboyo dalane sepi
Awan-awan suasana'ne tenang
Masio riyoyo gak goreng kopi
Blek'e Khong Guan tak isi rengginang
22. Kembang tebu sing wis kabur kanginan
Wis tuwa durung wani rabi
Mumpung wayahe lebaran
Kanca-kanca aja lali didolani
23. Ana tikus nguntal klopo
Mati siji ketabrak kreto
Yen ana lepating ukaro
Saestu kula nyuwun sepuro
24. Tuku klambi ing pasar Johar
Mulihe nyangking srabi
Kudune kowe enggal sadar
Yen iki riyaya idul fitri
25. Suroboyo kutho pahlawan
Lontong balap Wonokromo
Masio riyoyo gak iso salaman
Nek ono khilaf njaluk sepuro
26. Tuku klambi biru dienggo riyaya
Tukune ing pasar kranggan
Sapa wae sing pengin njaluk sepura
Enggala mrene kanggo nindakake lebaran
27. Pak Bayan dolanan kembang turi
Nganti wengi isih ana ing tegal amba
Mumpung wayah Idul Fitri
Aja lali kabeh luput enggal disepura
28. Mangan roti dikancani bocah ayu
Yen ngguyu untune ilang telu
Sepira gedhene luputku
Sing daksuwun mung pangapuramu
29. Mbokdhe Sumini kulakan kopi
Kopine pait nggarai ora bisa turu
Ing dina suci riyaya Idul Fitri
Aku teka njaluk sepura saka sekabehane luputku
30. Pupus gedhang ketiban klapa
Diencoki kumbang akehe sanga
Saiki wis wancine riyaya
Bakale dosa yen wani pasa
31. Kembang kenanga dideleh dhuwur meja
Digawe suguh kanggo para leluhur
Tumrap sapa wae sing nindadake riyaya
Ayo sekabehane luput padha dilebur
32. Pak carik katoke keri
Bu carik sing weruh nesu-nesu
Sugeng riyaya fitri
Aja lali kula diparingi sangu
33. Dalan-dalan akeh sing bolong kudu ngati-ati
Yen ora ngati-ati bisa njlungup ngambung aspalan
Ing dina riyaya iki kula sakulawarga pengin reresik ati
Mula kula nyuwun sepura dhumateng para kanca sekaliyan
34. Tuku klambi tekan Jakarta
Klambine aja lali digawe dolan lebaran
Senajan wis dadi wong sugih ing kutha
Aja lali lebaran tilik kampung halaman
35. Ana pitik dipangan ula
Ulane mati dipangan baya
Sugeng ari raya
Nyuwun agunge pangaksama
36. Ngombe kopi dikancani gorengan
Luwih enak maneh yen ngapit surya
Mumpung dinane lagi lebaran
Becike enggal padha njaluk sepura
37. Kembang mlathi aja dikasari
Mengko bisa rontok lan mati
Kabeh seneng mapag tekane dina fitri
Si Yoga malah nangis merga ditinggal rabi
38. Merga mangan nangka tanganku gupak pulut
Saiki arep mangan gorengan dadi bingung dhewe
Aku njaluk ngapura tumrap sekabehane luput
Muga-muga slirane gelem ngapura kancamu sing bagus dhewe
39. Ana bajing tiba saka wit klapa
Tibane merga sikile kena eri
Kula nyuwun agunge pangaksama
Ing dinten inkang fitri
40. Klambi bathik dienggo lunga ngaji
Sarunge gambar lar garudha
Aja turu wae ing riyaya fitri
Saiki wayahe asok sepura mring tangga
Itulah pantun lebaran bahasa Jawa 2024 yang bisa kamu jadikan inspirasi. Pantun-pantunnya lucu dan bikin ngakak.
Menurutmu, mana pantun yang paling menarik?