Mak, sliramu anyeksèni kridhaning aji kabudayan manungsa Jawi
tansah uga cinathet sesuluh hamemayu hayune nagara iki
wiwit saka jaman Kartini
kenceng ancas ing nguni:
sluman-slumun yasa dadi ramu
lembah manah tansah dadi sangu
“Aja ketungkul marang kalungguhan, kadonyan, lan kamareman
aja gumunan, aja getunan, aja kagètan, aja aleman
aja pisan-pisan gumun angadhepi mompyoré jaman iki
aja getun jroning panemu kang becik
aja kagèt kabèh iku mung pethingan
aja aleman ginayuh nyandhak sesawangan kekarepan”
Mak, senajan aku wong dhusun
wiwit cilik tansah nelangsa lan getun
pakaryanku mung tandur karo matun
nanging ora kendhat anggonku dikon kèri
sabab akèh sawan manis sing tansah mbebayani
Mak, najan pangkat luwih cilik, urip butuh diajèni
sing kudu kasinau, bab bakuné kadewasan dhiri
dadia wong kang piguna
rawé-rawé pait getirira dèn rantasi
ngadeg jejeg ora pijer miyar-miyur
sarwa ndedonga kabèh kagungane Ingkang Maha Widhi
Mak, sembah sujud tambahing pangèstu
aku amung saderma
ora nékad mring kang ala
kabèh iku merga ati rinasa prungsang
laras pénak lamun suci
kanggo pathokan gesang
tata tentrem lair kalawan batin
(Bantul, Maret 2019)