20 Geguritan dalam Bahasa Jawa, Puisi Tradisional yang Apik

Geguritan termasuk salah satu sastra tradisional Jawa dan Bali yang berbentuk teks. Geguritan seperti puisi, yang dibedakan menjadi dua yaitu tradisional dan kontemporer.
Jika geguritan tradisional terikat dengan beberapa aturan seperti jumlah baris, rima, dan suku kata, geguritan kontemporer tidak memberlakukan aturan tersebut. Geguritan kontemporer membebaskan penulisnya untuk berekspresi.
Berikut 20 contoh geguritan Jawa dengan berbagai tema. Mari disimak!
1. Contoh geguritan tradisional
Sun nggegurit:
(1) "Kaanan jaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati".
Sun Nggegurit
(2) "Lelakon jaman saiki,
Kabeh pemudha-pemudhi,
Kutha desa gunung sami,
Mung sinau kang den esthi".
(3) "Yen manut wasiting kuna
Priya srawung Ian wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wusanane tibeng papa".
Dikutip dari "Ngengrengan Kasusastran Jawa" karangan S. Padma Sukaca
2. Contoh geguritan kontemporer
• Wewayangan (Supriyadi)
Panguripanmu wus ginurit
Ing gelare kelir jagad gumelar
Surya pinangka blenconge
Bumi pinangka deboge
Lelakonmu dadi gancare carita
Kang sinanggit Kang Murba Kawasa
Binabar ing pangucap lan polah tingkah
Tangis lan guyu gegen hingane
Banjur kapan babare lelakon
Sawangen polahe kayon
Jejeg miring mirong ngetan mangulon
Sabdane Hyang Manon humiring gen hing sabda kun
Ginarebeg pra widadara widadari
Mungkasi lakon sawengi iki
(Dlingo, 13 Februari 2020)
• Merapi (Puthu Aryana)
Merapi…
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Merapi…
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi…
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi
• Pamulangan (Budhi Setyawan)
Jare simbah aku kudu sekolah
Kareben dadi bocah genah mrenah ora nggladrah
Jare rama ibu aku kudu sregep mangkat
Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat
Jare bapak ibu guru aku kudu sinau
Tambah ilmu
Kareben kelakon kabeh kang tinuju
Nanging
prakanca, ….
Coba delengen kahanan nyata
Apa isih bisa pamulangan kang ana dadekake urip tumata
Pamulangan kang tanpa tuladha
Pamulangan kang kasatan piwulang
Pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta
Siji lan siji ana pira?
Jare anut kang duwe kersa
Jan ora weruh subasita, trapsila, apa maneh tata krama
Lali dosa…
Kabeh lurung binarung kumalungkung
Pamrih pamuji siji
Pamulangan ora aweh pepadang
Simbah,
Nyuwun pangapunten
Kula mboten kepingin dados dokter
Jalaran duite bapak mboten wonten sakoper
• Begal (Iswahyudi)
Begal…
Wong liya nyebut brandhal!
Saben dina ngasah gaman nganggo ungkal
Kanggo nodhong njero terminal
Begal…
Pinter golek akal
Sapa wae bakal didadekake tumbal
Begal utege wis mirip kadhal
Yen kecekel dulangen sandhal!
Begal saiki…
Luwih tega nglarani!
Nggawa pitul nembak wong nganti mati!
Nggawe gregetan para pulisi!
Begal dibrantas ana ngendi-endi
Ketemon ngrampas ditembak mati
Begal saiki wis kebangeten
Wus kerep nggawa korban
Donya brana asil rampogan
Haram hukume yen dipangan
Bakal nampa siksaning nraka jahanam
3. Contoh geguritan dari "Antologi Geguritan Kidung Karangkitri" terbitan Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta tahun 2020
• Palaran Tegalrejo (Indra Tranggono)
Nalika ngambah jobin pendhapa Tegalreja
Mripatku weruh jubah putih kumlebet kebak wibawa
Sang Pangeran jumeneng tanpa kedheping netra
Sereng, mencereng gawe getering nala
Bangsa penjajah wus salin rupa
Sang Pangeran tansah siyaga
Ngupaya tetep ngregem ajining dhiri
Tan lena ditlikung raseksa nggegirisi
Gamelan ing pendhapa talu
Ngregem piyandeling Sang Pangeran
Tembang palaran keprungu
Ngiring brantayuda netepi sedya
Sang Pangeran nyekar
Kumandhang kanthi swara gandhang
Netra tansah sumunar
Adeg-adeg dhiri dadi cagaking tumandang
“Perang ora mung rebutan bandha donya
Nanging uga sirah lan atining bangsa
Bokor emas kebak kidung kaslametan
Kudu dijaga saka amuking asu ajak manca negara”
Sang Pangeran ora wedi pralaya
Ora gigrig dipegat nikmat bandha donya
Tansah nyawiji, greget sengguh ora mingkuh
Nundhung angkara murka kang wengkis lan angkuh
Tembang palaran tansah kumandhang
Njebol wuwungan pendhapa, nyebar pepadhang
Langit geter!
Rasa wedi lan mindher dadi lumer
(Ngayogyakarta, Februari 2020)
• Layang Kanggo Emak (Mulyati)
Mak, sliramu anyeksèni kridhaning aji kabudayan manungsa Jawi
tansah uga cinathet sesuluh hamemayu hayune nagara iki
wiwit saka jaman Kartini
kenceng ancas ing nguni:
sluman-slumun yasa dadi ramu
lembah manah tansah dadi sangu
“Aja ketungkul marang kalungguhan, kadonyan, lan kamareman
aja gumunan, aja getunan, aja kagètan, aja aleman
aja pisan-pisan gumun angadhepi mompyoré jaman iki
aja getun jroning panemu kang becik
aja kagèt kabèh iku mung pethingan
aja aleman ginayuh nyandhak sesawangan kekarepan”
Mak, senajan aku wong dhusun
wiwit cilik tansah nelangsa lan getun
pakaryanku mung tandur karo matun
nanging ora kendhat anggonku dikon kèri
sabab akèh sawan manis sing tansah mbebayani
Mak, najan pangkat luwih cilik, urip butuh diajèni
sing kudu kasinau, bab bakuné kadewasan dhiri
dadia wong kang piguna
rawé-rawé pait getirira dèn rantasi
ngadeg jejeg ora pijer miyar-miyur
sarwa ndedonga kabèh kagungane Ingkang Maha Widhi
Mak, sembah sujud tambahing pangèstu
aku amung saderma
ora nékad mring kang ala
kabèh iku merga ati rinasa prungsang
laras pénak lamun suci
kanggo pathokan gesang
tata tentrem lair kalawan batin
(Bantul, Maret 2019)
• Carita Wayang (Eko Wahyu Nugroho)
Sapa kandha wayang kuwi kuna?
Yen durung ngerti lakuning crita
Wiwit jejer tekaning paripurna
Dudu amung rikala gara-gara
Rentep-rentep piwulang kagambarna
Tindak-tanduk uga tata krama
Kang bisa tansah ngrembaka
Saka isining carita kang kababar
Kababar pitutur suci tumrap dhiri
Dhiri kang tansah nguri-uri
Editor’s picks
Nguri-uri kabudayan Jawa suci
Miguna mring nagari
(Ngayogyakarta, Februari 2020)
• Ngejaman (Purwadmadi)
Jam
gumingsiré kala
dhedhongkèl mangsa lumuh cidra
sengkala tidha ngresepi dina
Jam
panjiret lena
wanciné lingsir sakèhing langsir
pasang brahala rakit walat cintraka
gèsèh gesahing lampah Sang Murwakala
Ngejaman seksi jaman
Yogya kang gumléwang ngetus ampas panandhang
kangslupan watak sabrang
awak-awak adus tirta sumuk sumeng angleng rata
nitik laku lampah cidra
(Ngayogyakarta, Februari 2020)
4. Contoh geguritan dari "Antologi Geguritan, Tresna lan Kuciwa" (2019)
• Wong Enom (Kunthi Khusnun Insani)
Angin ngobahake godhong-godhong
Krasa adem Ian sumilir
Ing tengah sawah
Ana omah cilik saka pring
Gendheng godhong tebu
Jubine saka gedheg
Ing kono ana bocah
Bocah loro kang tunggal getih
Bocah sumringah akeh guyune
Dikancani swara prenjak
Kang gawe ayeming ati
Crita padha crita
Crita marang asmara
Asmara marang kanca
Ananging era lali ngibadah
Marang gusti Allah
Ingkang maha kuwasa
• Korupsi (Budi Susanto)
Korupsi,
kuwi jalaran ora resiking ati
kang bisa ngrusak nagara
amarga kuwi korupsi kudu dibrantas
Moral kang bejad,
para pejabat tinggi
kuwi bisa dadi tandha
rusaking nagara
Ing kono kene
korupsi kaya wis dadi budaya
budaya kang ala mungguhing bangsa iki
• Dongane Ibu (Desi Siswanti Maharani)
Guritmu nyuwek sepi wengi karang pradesan.
dadi kanca bence kang dadi tetembungan.
Kidungmu dadi japa mantra
nginthil laku jantraning duijana.
Ibu...
tembang-tembang dolananmu.
dadi cagak awak uripku.
jumangkah wani, mecaki donya klawu.
Ibu ...
dongamu sing ngengidung
muga-muga sing mawa tetembungan
dadi pengaji-aji
munthes satruning dhiri
• Agunge Wayah Wengi (Fani Ayuningtyas)
Ing wayah wengi
katon padhang kaya rina
sesawangan katon gemah ripah
kadya langit kebak lintang
gumerlap resik, apik sarwa temata
Bungah ati tumrap sesawangan
antarane lintang Ian rembulan
adhem ayem, tata, titi tentrem
ana ing kutha anggonku mapan
Kanthi puji syukur kang era kendhat
Hiring Gusti kang akarya jagad
mugi sedaya saged manfaat
• Asmara (Kabul Budhi Dwi Cahyo)
Sadina rasane saminggu
apa iki sing jenenge asmara?
Embuh cilik, embuh gedhe
embuh enom, embuh tuwa
padha kataman asmara
Asmara,
bisa gawe penggalih iki harsaya
Hanging,
bisa gawe ati iki lara
lara yen ditinggal lunga
Asmara
uga bisa gawe ati iki cilaka
cilaka yen tumlndak laku nistha
Apa bener wong ketaman asmara
gampang kena panggoda?
mula aja lali marang Sing Kuwasa
5. Contoh geguritan bertema kehidupan
• Anggerku (Yanik Agus Setyaningsih)
Ngger,
Biyung nyuwun ngapura
Ora bisa dadi biyung kang sampurna
Ora bisa nglegakne atimu
Ngger,
Uripku kebak kaluputan
Ngiwa luput, nengen luput
Rumangsaku aku wis manut
Bangun turut karo sing jare winasis
Nanging nyatane isih tetep luput lan diluputne
Lara atine biyung, ngger
Kepengin crita wae,
Ora enek sing gelem krungu
Apa maneh sambat, mung arep digeguyu
Kabeh wis ora percaya karo biyung
Kabeh ki nyatane ngapusi
Nanging biyung isih tetep percaya, ngger
Mung siji sing ora bakal ngapusi Gusti Kang Maha Agung
• Rumangsaku (Roewandi)
Rumangsaku kabeh uwong mesthi
Kudu ngerti benere dhewe
Amung luput salahe
Kang tumiba janma liya
Padha anggega kersane pribadhi
Ngugung nguja luntaking angkara
Yen kepagol asesanti
Rawe-rawe rantas malang-malang putung
Singa lena nemahi pralaya
Katon wewentahan ujaring kandha
Napsu angedhaton ing ati
Rasul lan malaikat ora kasat mata
Banjur buteng mbregudhul ora ngerti
Anggering tata suba sita lan agama
Nek atine kagol kepantong liyan
Embuh ora ngerti eling
Tutur muni saujar dadi ganjelaning ati
Ora perduli embuh salahe
Nanging rumangsaku luwih entheng mayang ing ati
Dadi luber ajur mung kadi maruta
Ganjelaning ati kaanggep sesendhon
Tinambahan eling marang
Lajer kang tinandur Gusti
Kanthi mangesthi sesanti aku kabeh kalepotan luput
• Tresna (Erlita Fajrani)
Tresna kuwi sepele
Tresna kuwi ya kowe karo aku
Tresnamu kaya surya
Nanging ya kaya samudra
Tresnamu bisa nekakake mega
Nanging saiki tresnamu kaya dahana
Awit aku mbok tinggalna
Langit data peteng
Ora ana candra apa maneh kartika
Atiku kaya bawana sing lemahe nela-nela
Maruta, kandhakna yen aku isih tresna
• Basa Tanpa Ukara (Dwi Winarno)
Tan perlu ukara ngambra
Kanggo lare kang nerak subasita
Tumindak kurang trep, luput keladuk saru
Sangarep tamu, sesepuh utawa pangarsa praja
Ulat lan sorot netra kanggo ngelikake
Tanpa lingsem kanggone lare
Krasa lan banjur rumangsa
Metani luputingsun,
Banjur kudu kepiye
Kanthi tlaten paring wewarah uga tuladha
Iki pinangka gambaran nyata
Adab budaya adiluhung kang kudu kajaga
Itu tadi 20 contoh geguritan dalam bahasa Jawa dengan berbagai tema. Semoga menambah wawasanmu tentang sastra dan budaya Jawa, ya!
Baca Juga: [PUISI] Puisi Tak Bersayap