1. Buto ijo, mangkat sekolah
Ra nduwe pacar, ora masalah
2. Gatotkoco mangan gombong
Nek kekonco, ojo mung trimo ndomblong
3. Nggelar kloso, lungguh wong papat
Dino selasa, ayo semangat
4. Putro dolan nang Jawa Timur
Senajan ragaku kuat, nanging atiku ajur
5. Panen brambang, diwadahi godhong
Wis kadung sayang, malah digondhol uwong
6. Jaran kepang ora tau rewel
Golek duit iku gampang, entuke sing angel
7. Sing iki kembang, sing iku beling
Sing kene sing sayang, sing kono sing hepi ending
8. Urip kui sok rame, sok sepi
Yen sanggup dilakoni, ora sanggup ditinggal ngopi
9. Jenenge urip mesthi akeh cobaan
Yen akeh saweran, kui jenenge dangdutan
10. Yen duwe jaran, ojo dikasari
Awale njaluk saran, akhire dipacari
11. Montor Jepang mesine ulet
Ngutangi gampang, nagihe sing mbulet
12. Yen dasare wis males, ora sah ditari
Yen uripmu wis fales, ora perlu digitari
13. Pring bumbung, wadhahe bakmi
Karepe nembung, malah diulemi
14. Saiki dino Kemis wayahe koe mbayar utang
Lelaki tanpa kumis, bagai langit tanpa bintang
15. Tuku kripik gedang, bungkuse ijo
Tiwas mbribik ngasi begadang, jebul wis nduwe bojo
16. Pasar Bandar, Pasar Tugu
Atiku ambyar, mergo sliramu