5 Doa Katolik Bahasa Jawa yang Penuh Harapan dan Perlindungan

Dilantunkan untuk memohon berkat dan perlindungan

Sebagai umat Katolik, tentu dalam kehidupan harus selalu memperhatikan iman. Itulah kenapa di setiap kesempatan kamu bisa berdoa kepada Tuhan. Kamu juga bisa memohon perlindungan maupun berkat agar apa yang kamu lakukan diberikan kelancaraan.

Jika kamu ingin mencoba berdoa selain menggunakan bahasa Indonesia, berikut referensi doa Katolik bahasa Jawa. Yuk, simak di bawah ini dikutip dari buku Kidung Adi oleh Pusat Musik Liturgi Yogyakarta!

1. Doa Katolik bahasa Jawa memohon pengharapan

5 Doa Katolik Bahasa Jawa yang Penuh Harapan dan Perlindunganilustrasi pria berdoa (pexels/RDNE Stock project)

Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, Tuwin Hyang Roh suci. Amin.

Allah ingkang mahamirah, kawula ngajeng-ajeng lan njagekaken badhe nampi saking Sampeyan Dalem kabegjan langgeng. Anggen kawula ngajeng-ajeng wau kanthi mantep, jalaran Sampeyan Dalem ingkang janji, Allah ingkang mahakuwatos, sae dhateng kawula, lan boten nate mblenjani janji. Gusti kakiyatna pangajeng-ajeng kawula.

Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, Tuwin Hyang Roh suci. Amin.

2. Doa Katolik bahasa Jawa memohon kekuatan

5 Doa Katolik Bahasa Jawa yang Penuh Harapan dan Perlindunganilustrasi orang berdoa (https://pixabay.com/congerdesign)

Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, Tuwin Hyang Roh suci. Amin.

Salebetipun ngambah margining gesang menika Gusti, kawula kerep ngalami bungah-susah begja-sangsara, gilir gumantos. Kabingahan lan kabegjan damel ageng dhateng manah, nuwuhaken pangajeng-ajeng.

Nanging kasusahan lan kasangsaran murugaken nglokro alit dhateng manah lan was-sumelang. Yen kawula pinuju ngalami makaten menika Gusti, kakiyatan pangajeng-ajeng kawula dhateng kasaenan Dalem, kados Sang Kristus Guru Gusti lan tuladhaning gesang kawula, ingkang ing samukawis sumendhe dhateng Sampeyan Dalem.

Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, Tuwin Hyang Roh suci. Amin.

Baca Juga: 5 Doa Katolik Pembukaan Kegiatan agar Dilancarkan

3. Doa Katolik bahasa Jawa untuk cinta kasih

dm-player
5 Doa Katolik Bahasa Jawa yang Penuh Harapan dan PerlindunganIlustrasi Berdoa (pixabay/reenablack)

Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, Tuwin Hyang Roh suci. Amin.

Gusti, Sampeyan Dalem mahasae, asih tresna dhateng kawula, kados Bapa dhateng putra. Kawula gentos tresna dhateng Sampeyan Dalem ngungkuli samukawis, lan tresna dhateng sasami kados dhateng dhiri kawula piyambak. Gusti, kawula aturi ngagengaken katresnan kawula. Amin.

Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, Tuwin Hyang Roh suci. Amin.

4. Doa Katolik bahasa Jawa pertobatan

5 Doa Katolik Bahasa Jawa yang Penuh Harapan dan Perlindunganilustrasi berdoa (pexels.com/Tima Miroshnichenko)

Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, Tuwin Hyang Roh suci. Amin.

Allah ingkang mahawelas, kawula keduwung dene kawula ngantos nglampahi dosa. Sampeyan Dalem duka, margi dosa kawula wau damel awon dhateng sesami, lan sangsara kawula piyambak.

Samenika kawula martobat, boten badhe nglampahi dosa malih-malih. Gusti, kawula tiyang dosa, nyuwun kawelasan Dalem. Amin.

Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, Tuwin Hyang Roh suci. Amin.

5. Doa Katolik bahasa Jawa saat mengalami masalah

5 Doa Katolik Bahasa Jawa yang Penuh Harapan dan PerlindunganIlustrasi berdoa (unsplash.com/Ben White)

Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, Tuwin Hyang Roh suci. Amin.

Allah ingkang mahasae, Rama ingkang asih-tresna lan rumeksa dhateng kawula. Kawula yakin Sampeyan Dalem temtu pirsa kasangsaran-kasangsaran ingkang kawula sandhang, pirsa menapa ingkang kawula raosaken wekdal menika.

Sampeyan Dalem pancen ngersakaken kawula nandhang menika wau sadaya. Kawula sandika nglampahi, nanging nyuwun kakiyatan, supados kawula sumarah tanpa ngesah, tatag tanpa nggresula ngalami sadaya menika, kados Sang Kristus Guru Gusti lan tuladhaning gesang kawula. Amin.

Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, Tuwin Hyang Roh suci. Amin.

Itulah tadi beberapa referensi doa Katolik bahasa Jawa yang dikutip dari buku Kidung Adi. Jangan lupa untuk berdoa setiap hari ya.

Baca Juga: 5 Kata-kata Doa Katolik untuk Suami, Penuh Harapan!

Topik:

  • Pinka Wima

Berita Terkini Lainnya