Baca artikel IDN Times lainnya di IDN App
For
You

3 Contoh Pranatacara Bahasa Jawa 17 Agustus, Khidmat!

ilustrasi upacara di sekolah dasar (unsplash.com/syahrulaw)
ilustrasi upacara di sekolah dasar (unsplash.com/syahrulaw)
Intinya sih...
  • Pranatacara Bahasa Jawa 17 Agustus merupakan elemen penting dalam peringatan kemerdekaan di wilayah Jawa
  • Contoh pranatacara meliputi pembukaan, menyanyikan lagu Indonesia Raya, sambutan dari tokoh masyarakat, hiburan, pembagian hadiah lomba, dan penutup
  • Pranatacara ini memadukan kekhidmatan tradisional dengan semangat kemerdekaan tanpa meninggalkan akar budaya lokal
Disclaimer: This summary was created using Artificial Intelligence (AI)

Setiap peringatan Hari Kemerdekaan 17 Agustus di berbagai daerah tak lepas dari nuansa budaya lokal yang turut menyemarakkan acara. Di wilayah Jawa, peran pranatacara atau pembawa acara dalam bahasa Jawa, menjadi elemen penting untuk menjaga kekhidmatan sekaligus kearifan tradisional.

Artikel ini akan menyajikan contoh pranatacara 17 Agustus dalam bahasa Jawa yang bisa kamu jadikan referensi untuk berbagai kegiatan desa, sekolah, hingga tingkat kecamatan. Yuk, langsung simak!

1. Contoh pranatacara Bahasa Jawa 17 Agustus

ilustrasi anak-anak bermain sambil memegang bendera merah putih (pexels.com/achesurya)
ilustrasi anak-anak bermain sambil memegang bendera merah putih (pexels.com/achesurya)

Bismillahirrohmanirrohim

Assalamualaikum Wr. Wb.

Para pepundhen ingkang satuhu kinabekten, para pinisepuh miwah sesepuh ingkang kinurmatan, Dukuh [nama wilayah], Bapak .... ingkang kawulo hormati, Ketua RT/RW [nomor RT/RW], Bapak ....

Bapak-bapak soho Ibu-ibu ingkang minulya sarta kadang kaneman ingkang sutresna,

Sumangga tansah kula dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti Allah Swt. Ingkang Mahawelas lan asih, ingkang tansah maringi kanikmatan, karohmatan, ugi katentreman sahingga kita sedaya saged makempal ing papan menika saperlu ngrawuhi malam tirakatan 17 Agustus wonten ing [nama wilayah].

Ingkang salajengipun selawat sarta salam mugi katetepaken dhumateng junjungan kita, Rasullulah Nabi Muhammad SAW, ingkang tansah kito tenggo-tenggo syafaatipun ing yaumul akhir.

Bapak/Ibu sederek ingkang kawulo hormati, keparengo kulo waosaken reroncening adicoro ing ndalu meniko.

Ingkang sepisan, pambuka. Ingkang kaping kalih, menyanyikan lagu Indonesia Raya. Ingkang kaping tiga, sambutan saking Dukuh [nama wilayah], Bapak/Ibu .... Ingkang kaping sekawan, acara inti ingkang badhe dipunslirani dening Bapak/Ibu .... Kaping gangsal, doa ingkang bade dipunwaosi dening Bapak .... Lan ingkang pungkasan, panutup.

Bapak-bapak, Ibu-ibu, lan sedherek sedoyo, mongga kito wiwiti malam tirakatan 17 Agustus 2025 menika kanthi waosan basmalah kawulo dherekaken.

[Membaca Basmalah bersama-sama]

Matur nuwun, mugi kanthi waosan basmalah menika, adicara ing dalu meniko saged lancar dumugi akhir. Adicara ingkang kaping kalih, menyanyikan lagu "Indonesia Raya" ingkang badhe dipunpimpin dening Bapak/Ibu/Sedherek .... Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek sedoyo kasuwun jumeneng.

Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek ingkang minulya, gandheng wonten ing ngarsa panjenengan sampun samekta unjukan soho nyamikan (dhaharan), kula aturi ngunjuk saha dhahar kanthi mardikaning penggalih. [Biasanya, santap makanan atau minuman berlangsung selama 3-5 menit.]

{Setelahnya, pembawa acara dapat melanjutkan acara dengan meminta izin terlebih dahulu kepada hadirin.]

Bapak-bapak soho ibu-ibu, mboten ngirangi kamardikan anggenipun dhahar soho ngunjuk, sumonggo kita lajengaken adicara ing dalu menika. Adicara ingkang kaping tiga, inggih menika sambutan Dukuh [nama wilayah].

Bapak/Ibu ... sumonggo. [Sambutan Dukuh/Ketua RW/Ketua RT]

Matur nuwun dumateng Bapak/Ibu .... ingkang sampun kersa maringi sambutan.

Adicara ingkang sakajengipun inggih menika adicara inti, ingkang bade dipunslirani dening Bapak/Ibu ...

[Acara Inti]

Matur nuwun dumateng Bapak/Ibu .... adicara ingkang kaping gangsal, inggih menika doa, ingkang bade dipunroisi dengan Bapak ....

[Pembacaan Doa]

Matur nuwun dumateng Bapak ....

Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek ingkang minulya, mekaten wau lelampahing adicara malam tirakatan 17 Agustus saking purwakaning adicara dugi pungkasan.

Sumonggo kita tutup adicara ingin dalu menika kanthi waosan hamdalah sesarengan.

[Bacaan Hamdalah]

Ing wasana, menawi anggen kula matur kathah klenta-klentunipun estu nyuwun agunging pangaksami.

Wabillahi taufik wal hidayah, Wassalamualaikum wr. wb.

2. Contoh pranatacara Bahasa Jawa 17 Agustus

ilustrasi pendaki gunung memegang bendera merah putih (pexels.com/diohasbi)
ilustrasi pendaki gunung memegang bendera merah putih (pexels.com/diohasbi)

Ingkang kinurmatan Bapak Dukuh, Ingkang kinurmatan bapak ketua RT/RW lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Sumangga kita ngunjukaken puji lan syukur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang Maha Kuaos ingkang maringi kita sedaya hidayah, barokah, saha rahmatipun.

Para rawuh ingkang kula hurmati, wonten mriki kula kajibah supados ndherekaken adicara punika kepareng kula maosaken rerantaming adicara. Inggih menika:

1. Ingkang sepisan pambuka,
2. Kalih nembangaken lagu Indonesia Raya,
3. Kaping tiga yaiku atur pangandikan bapak dukuh,
4. Adicara kaping sekawan yaiku. pengumuman para juara lomba 17-an,
5. Gangsal yaiku pentas seni lan kethoprakan sesarengan pemuda,
6. Lan adicara kaping enem, yaiku panutup.

Mekaten para rawuh sedaya ingkang minulya rantamaning adicara ing kalenggahan punika.

Minangka pratanda pambukaning adicara, sumangga kita sedaya manungku puja konjuk wonten ngarsa daleming Gusti Allah SWT.

Sumangga kula dherekaken maos Basmalah sesarengan.

Bismillahirahmanirrahim.
Matur nuwun.

Adicara kaping kalih yaiku nembangaken lagu Indonesia Raya. Sumangga kita sedaya jumeneng.

Matur nuwun, para rawuh kula aturi lenggah malih.

Adicara kaping tiga yaiku atur pangandikanipun Bapak Dukuh. Dumateng bapak dukuh, kula sumanggaaken.

Matur nuwun kula aturaken dening atur pangandikanipun.

Adicara ingkang kaping sekawan yaiku pengumuman lomba 17 Agustus.

Adicara kaping gangsal yaiku pentas seni lan kethoprakan sesarengan pemuda. Sumangga kita sedaya mirsani acara menika.

Adicara ingkang kaping enem yaiku panutup.

Mekaten saking kula minangka pranata adicara ngaturaken agunging pangaksami dhumateng para rawuh mbok bilih wonten lepating atur anggen kula matur.

3. Contoh pranatacara Bahasa Jawa 17 Agustus

ilustrasi kumpulan pria membawa bendera merah putih (pexels.com/irginurfadil)
ilustrasi kumpulan pria membawa bendera merah putih (pexels.com/irginurfadil)

1. Pambuka

Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuh.

Bapak, Ibu, para sesepuh ingkang kula hormati,
Dumateng Bapak Ketua RT 11 ingkang kinurmatan,
Dumateng para warga RT 11 ingkang tansah kula hormati,
Lan rencang-rencang Karang Taruna ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin, keparenga kula ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT,
ingkang sampun maringi pinten-pinten nikmat saha karohmatan dhumateng kita sedaya.
Mugi kita tansah pinaringan kawilujengan lan kasarasan,
supados saged rawuh wonten ing pahargyan pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia
ingkang kaping pitung doso songo (80) ing dalu punika.

Selawat sarta salam mugi tansah kacurahan dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW,
ingkang kita aturi syafaatipun wonten ing yaumil akhir.

2. Pembacaan susunan acara

Dumateng para rawuh kakung miwah putri ingkang kinurmatan,
keparenga kula aturi nderekaken lampahing adicara ing dalu punika.

Sadèrèngipun, kula badhe ngaturaken reroncèn adicara kados makaten:

  1. Pambuka

  2. Menyanyikan lagu Indonesia Raya

  3. Sambutan-sambutan

    • Saking Ketua Panitia

    • Saking Bapak Ketua RT 11

  4. Hiburan

  5. Pembagian hadiah

  6. Panutup

Amargi wekdal sampun ndangu, monggo adicara dalu punika kita wiwiti kanthi maos Basmalah sesarengan.
Bismillahirrohmaanirrohiim…

3. Menyanyikan lagu Indonesia Raya

Para rawuh ingkang kinurmatan,
kita lajengaken adicara kaping kalih, inggih punika nyanyi lagu Indonesia Raya.
Kagem para rawuh, dipun suwun jumeneng.

(Menyanyikan lagu Indonesia Raya)

Para rawuh dipun aturi lenggah.

4. Sambutan-sambutan

Kita tindakaken adicara kaping tiga, inggih punika sambutan-sambutan.

Sambutan sepindhah badhe kaparingaken dhumateng Ketua Panitia.
Dhumateng Bapak Joko Purnomo, wekdal lan papan kula aturaken.

(Sambutan Ketua Panitia)

Sambutan salajengipun, saking Bapak Ketua RT 11.
Dhumateng Bapak Arifin, wekdal lan papan kula aturaken.

(Sambutan Ketua RT)

5. Hiburan

Adicara salajengipun inggih punika hiburan.
Hiburan kapisan badhe dipun aturaken dening adik-adik penari.

Dhumateng adik-adik, wekdal saha papan kula aturaken.

(Hiburan tari-tarian)

6. Pembagian hadiah

Kita terusaken dhateng adicara kaping gangsal, inggih punika pembagian hadiah lomba.
Adicara punika badhe dipun pandhegani dening Ketua Pemuda.

(Pembagian hadiah)

Mugi-mugi kagem adik-adik, pembagian hadiah punika saged nambah semangat lan rasa bangga.

7. Penutup

Adicara pungkasan, inggih punika panutup.
Monggo kita tutup acara punika kanthi maos Hamdalah sesarengan.
Alhamdulillahi robbil ‘aalamiin…

Kula minangka pranatacara nyuwun agunging pangapunten,
menawi wonten lepat tembung, tindak-tanduk, utawi tata cara ingkang mboten mranani penggalih.

Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuh.
Matur nuwun.

Demikianlah beberapa contoh pranatacara bahasa Jawa 17 Agustus. Dengan menggunakan pranatacara berbahasa Jawa, semangat kemerdekaan bisa dirayakan tanpa meninggalkan akar budaya sendiri. Semoga contoh ini bisa jadi inspirasi buat kamu yang dipercaya memandu acara di lingkunganmu nanti.

This article is written by our community writers and has been carefully reviewed by our editorial team. We strive to provide the most accurate and reliable information, ensuring high standards of quality, credibility, and trustworthiness.
Share
Editor’s Picks
Topics
Editorial Team
Febriyanti Revitasari
EditorFebriyanti Revitasari
Follow Us