ilustrasi anak-anak bermain sambil memegang bendera merah putih (pexels.com/achesurya)
Bismillahirrohmanirrohim
Assalamualaikum Wr. Wb.
Para pepundhen ingkang satuhu kinabekten, para pinisepuh miwah sesepuh ingkang kinurmatan, Dukuh [nama wilayah], Bapak .... ingkang kawulo hormati, Ketua RT/RW [nomor RT/RW], Bapak ....
Bapak-bapak soho Ibu-ibu ingkang minulya sarta kadang kaneman ingkang sutresna,
Sumangga tansah kula dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti Allah Swt. Ingkang Mahawelas lan asih, ingkang tansah maringi kanikmatan, karohmatan, ugi katentreman sahingga kita sedaya saged makempal ing papan menika saperlu ngrawuhi malam tirakatan 17 Agustus wonten ing [nama wilayah].
Ingkang salajengipun selawat sarta salam mugi katetepaken dhumateng junjungan kita, Rasullulah Nabi Muhammad SAW, ingkang tansah kito tenggo-tenggo syafaatipun ing yaumul akhir.
Bapak/Ibu sederek ingkang kawulo hormati, keparengo kulo waosaken reroncening adicoro ing ndalu meniko.
Ingkang sepisan, pambuka. Ingkang kaping kalih, menyanyikan lagu Indonesia Raya. Ingkang kaping tiga, sambutan saking Dukuh [nama wilayah], Bapak/Ibu .... Ingkang kaping sekawan, acara inti ingkang badhe dipunslirani dening Bapak/Ibu .... Kaping gangsal, doa ingkang bade dipunwaosi dening Bapak .... Lan ingkang pungkasan, panutup.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, lan sedherek sedoyo, mongga kito wiwiti malam tirakatan 17 Agustus 2025 menika kanthi waosan basmalah kawulo dherekaken.
[Membaca Basmalah bersama-sama]
Matur nuwun, mugi kanthi waosan basmalah menika, adicara ing dalu meniko saged lancar dumugi akhir. Adicara ingkang kaping kalih, menyanyikan lagu "Indonesia Raya" ingkang badhe dipunpimpin dening Bapak/Ibu/Sedherek .... Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek sedoyo kasuwun jumeneng.
Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek ingkang minulya, gandheng wonten ing ngarsa panjenengan sampun samekta unjukan soho nyamikan (dhaharan), kula aturi ngunjuk saha dhahar kanthi mardikaning penggalih. [Biasanya, santap makanan atau minuman berlangsung selama 3-5 menit.]
{Setelahnya, pembawa acara dapat melanjutkan acara dengan meminta izin terlebih dahulu kepada hadirin.]
Bapak-bapak soho ibu-ibu, mboten ngirangi kamardikan anggenipun dhahar soho ngunjuk, sumonggo kita lajengaken adicara ing dalu menika. Adicara ingkang kaping tiga, inggih menika sambutan Dukuh [nama wilayah].
Bapak/Ibu ... sumonggo. [Sambutan Dukuh/Ketua RW/Ketua RT]
Matur nuwun dumateng Bapak/Ibu .... ingkang sampun kersa maringi sambutan.
Adicara ingkang sakajengipun inggih menika adicara inti, ingkang bade dipunslirani dening Bapak/Ibu ...
[Acara Inti]
Matur nuwun dumateng Bapak/Ibu .... adicara ingkang kaping gangsal, inggih menika doa, ingkang bade dipunroisi dengan Bapak ....
[Pembacaan Doa]
Matur nuwun dumateng Bapak ....
Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek ingkang minulya, mekaten wau lelampahing adicara malam tirakatan 17 Agustus saking purwakaning adicara dugi pungkasan.
Sumonggo kita tutup adicara ingin dalu menika kanthi waosan hamdalah sesarengan.
[Bacaan Hamdalah]
Ing wasana, menawi anggen kula matur kathah klenta-klentunipun estu nyuwun agunging pangaksami.
Wabillahi taufik wal hidayah, Wassalamualaikum wr. wb.