ilustrasi anak sekolah (pexels.com/RDNE Stock project)
1. Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring, Yen lumaku si pucung ngumbar swara. Tembang pocung ing dhuwur batangane...
A. ula
B. sepur
C. kalung
D. sabuk
Jawaban: B
2. Sagung para rawuh sadaya, Mugi pinayungan nugraha yekti, Asih tresna Allah satuhu kasasira, Puja puji syukur saha sembah sujud, Konjuk ing ngarsa paduka, Gusti Allah Maha Suci.
Tembang macapat ing dhuwur iku guru gatrane ana ... larik
A. 5
B. 6
C. 7
D. 8
Jawaban: C
3. Ing ngisor iki bab-bab sing kudu digatekake anggone maca geguritan, kajaba...
A. kudu apal isine geguritan
B. bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep
C. kudu nggatekake pocapan lan wiramane
D. mangerteni isi lan karepe geguritan kasebut, banjur dirasakake
Jawaban: B
4. Wawancara kang pitakone ora ditemokake luwih disik, gumantung marang swasanane wawancara, dene respondhen bebas njawab gumatung marang pitakone, kalebu wawancara...
A. Terpimpin
B. Konferensi
C. Bebas
D. Individual
Jawaban: A
5. Prahara sing biasane dumadi nalika wayah rendheng yaiku...
A. Gunung mbledhos
B. Alas kobong
C. Lindhu
D. Banjir
Jawaban: D
6. Teks kang ngandarake fakta, kamomot ing medhia cetak, lan elektronik, isine kedadeyan utawa prastawa kang lagi dadi omongane masyarakat, diarani teks...
A. Pariwara
B. Persuasi
C. Sesanti
D. Pawarta
Jawaban: D
Wacanen teks ing ngisor iki kanggo pancadan nggarap soal nomer 15-18!
Dolan Menyang Taman Maerakaca
Nalika preinan, Bawa, Asti, Puj, lan bapak ibune piknik. Bawa sakulawarga padha piknik mengyang Taman Maerakaca. Bawa topina, nyangklong tustel ing pundhake, lan nganggo tas pinggang. Wah, kaya wartawan cilik.
“Mas, aku difoto,” panjaluke Asti adhine.
Asti lan puji padha rangkulan difoto dening Bawa. Bapak ibune mung ngawasi solah tingkahe putrane. Jeprat-jepret, pindhah kana pindhah kene. Sakulawarga padha eksen. Bawa dadi juru potret kaya fotografer.
7. Manut isine wacan topik kang cocok yaiku...
A. Pariwisata
B. Prastawa
C. Kabudayan
D. Kesenengan
Jawaban: B
8. Manut sandhang panganggonane, Bawa iku kaya wartawan clik.
Tegese tembung sing digaris ngisore ana ing ukara kasebut yaiku...
A. Tukang foto
B. Tukang nggambar
C. Tukang golek gambar
D. Tukang golek warta utawa kabar
Jawaban: D
9. Sipate paraga Asti lan Puji ana ing wacan ing dhuwur yaiku...
A. Kemayu
B. Rukun
C. Blater
D. Aleman
Jawaban: B
10. Amanat utawa pesen kang bisa kapenthik saka wacan ing dhuwur yaiku...
A. Kabeh wong iku butuh papan kanggo gawe seneng ati, mulane yen preinan padha dolan
B. Manungsa iku perlu ngaso kanggo ngleremke pikir, mula padha seneng-senenga.
C. Sing sapa seneng piknik bakale mundhak akeh kanca
D. Wisata kulawarga iku bisa gawe pikiran dadi padhang, kulawarga katon rukun, kanggone negara nama asli kanggo nglancarake pembangunan.
Jawaban: D