21 Pantun Bahasa Jawa untuk Ucapan Ulang Tahun, Cek!

Berpantun membutuhkan ketrampilan khusus dalam hal kosakata karena ada pakem yang harus diikuti. Seperti yang kita tahu pantun semakin sering kita dengarkan secara online. Dan saat mendengar maupun membaca pantun-pantun tersebut seolah-olah sangat mudah.
Namun bagi beberapa orang membuat pantun bukan perkara mudah, apalagi jika ingin menyampaikannya untuk acara khusus bukan sapaan biasa, seperti ucapan ulang tahun (ultah). Nah, berikut ada duapuluh satu contoh pantun dalam bahasa tradisional untuk kalian yang ingin memberikan ucapan ultah, khususnya bahasa Jawa, check!
1. 7 pantun ultah bahasa Jawa untuk keluarga

1. Dhateng kebun methiki kembang Mayang
Kembang ditandur celak kenikir
Rahajeng tanggap warsa dhateng ibukku sayang
Matur suwun sampun nresnani kula saking lahir
2. Adik nangis nyuwun arta
Dateng peken tumbas paku lan tali
Bapak, rahajeng tanggap warsa
Mugi tansah pikantuk keberkahan saking Gusti
3. Adik pinter dhateng warung tumbas bawang
Milih ingkang sae tapi regine mirah
Nderek ngaturaken ambal warsa, eyang
Mugi tinasah pinaring rahayu lan barokah
4. Wiwit isuk tansah udan ora sido lunga
Salin klambi anyar kecantol kawat
Bojoku sing tak tresnani, wilujeng tanggap warsa
Mugi Gusti tansah pinaringan iman sing kuat
5. Bidhal dhateng sawah ining jam sanga
Wangsul surup sampun meh peteng
Kagem mbakyu kula sugeng ambal warsa
Mugi binerkah lan pinaringan sabar ingkang agung
6. Nitih bis sesarengan dhateng Ponorogo
Ngasta oleh-oleh jajan buah
Kagem kangmas wilujeng ambal warsa
Panjang yuswa nipun lan barokah
7. Mangani tebu karo mlayu nyang alon-alon
Wong sak deso mangan tebu gak waleh-waleh
Adekku sing lucu, selamat ulang tahun
Mugo-mugo Gusti Allah ngabulke cita-citamu kabeh
2. 7 pantun ultah bahasa Jawa untuk kolega

1. Nyuwun jambu ageng dhateng pak Darso
Diparingi jambu ditambah nongko lan telo
Nderek bingah dateng ingkang ambal warsa
Mugi ditebihno saking sedanten sambikala
2. Dinten Minggu sami tindak Purwokerto
Nitih bis gratis mboten usah mbayar
Ngaturaken suka cita kagem ingkang ambal warsa
Mugi pinaringan rizki ingkang wiyar
3. Tukang pandhe nyambi sadean kloso
Kloso dipundhut saking kutho Wonogiri
Badhe ngaturaken sugeng tanggap warsa
Pinaringan wilujeng slamet lan lubere rejeki
4. Tindak rekreasi dateng Sarangan
Sangu dhahar lan roti ingkang kathah
Sugeng tanggap warsa kagem panjenengan
Mugi tansah rahayu lan barokah
5. Dinten Minggu kagungan kersa
Ngagem seragam batik serayu
Ngaturaken sugeng ambal warsa
Tansah pinaringan wilujeng rahayu
6. Dhawuhe simbah kedah dimirengaken
Supados aman mboten dipun dukani
Sugeng ambal warsa kula aturaken
Tansah pinaringan karahayon saking Gusti
7. Nitih sepur rame-rame dateng Suroboyo
Suroboyo dados kutho kenangan
Mugiyo Gusti Allah maringi panjang yuswo
Sugeng tanggap warsa kagem panjenengan
3. 7 pantun ultah untuk teman

1. Nyang Pasundan tuku salak pondoh
Salak didhahar pak Joyomangun
Senajan awakmu lan aku adoh
Ora lali aku ngucapne selamet ulang tahun
2. Tuku mangga nyang Indramayu
Mangga didhahar karo pak Saleh
Selamet ulang tahun koncoku
Mugo berkah umurmu lan rejeki akeh
3. Numpak taksi nyang Maospati
Budhal isuk mulihe sore-sore
Jebule awakmu ulang tahun saiki
Tak dongakne seger waras, dowo umure
4. Mumet sirahe gek ndang kerokan
Kerokan nyang njobo ketiban kawat
Selamet nyambut dina kelahiran
Tak dongakne rejekimu lancar tur sehat
5. Bareng nyang sawah ono wong pitu
Tekan prapatan sing telu ora kuwat
Sugeng ambal warsa konco akrabku
Mugi-mugi sampeyan slamet ndunyo akhirat
6. Isih isuk wes budhal mlaku-mlaku
Mlaku kudanan padha teles kabeh
Wilujeng ambal warsa kanggo koncoku
Mugo tambah sabar, seger waras lan rejeki akeh
7. Arit wes rusak, palune ugo goyang
Ilang nyang ndalan ditemu simbah
Kanggo kanca sing paling tak sayang
Umur wes nambah, mugi tansah pinaringan berkah
Bagaimana dengan keduapuluh satu contoh pantun dalam bahasa Jawa tersebut? Sudah cukup membantu kan untuk memberikan sesuatu yang beda di momen ulang tahun?
Semoga dengan contoh pantun dalam bahasa Jawa tersebut dapat membantu melestarikan bahasa tradisional di Indonesia serta menjaga kelestarian tradisi pantun itu sendiri. Kira-kira pantun ultah dalam bahasa tradisional kalian apa? Tulis di kolom komentar, ya!