Baca artikel IDN Times lainnya di IDN App
For
You

50 Ucapan Sungkem Lebaran Bahasa Jawa Krama Inggil untuk Orang Tua

ilustrasi saling maaf-maafan (pexels.com/Cedric Fauntleroy)
ilustrasi saling maaf-maafan (pexels.com/Cedric Fauntleroy)
Intinya sih...
  • Permohonan maaf yang tulus dapat membuat orang tua semakin menyayangi kamu
  • Kamu bisa menggunakan bahasa Jawa Kromo Inggil untuk menyampaikan permohonan maaf
  • Sungkeman menjadi tanda bakti dan hormat anak kepada orang tua pada Hari Lebaran
Disclaimer: This summary was created using Artificial Intelligence (AI)

Sungkeman jadi salah satu hal yang gak boleh dilewatkan pada saat Hari Lebaran. Proses ini menjadi tanda bakti dan hormat anak atau anggota keluarga yang masih muda kepada orang yang lebih tua. Tujuannya adalah meminta maaf dan saling menghormati.

Kamu bisa menggunakan bahsa yang sopan dan santun, salah satunya menggunakan bahasa Jawa Kromo Inggil. Berikut adalah 50 referensi kata-kata sungkem dalam bahasa Jawa yang bisa disampaikan pada orang yang lebih tua saat Hari Raya Idul Fitri. 

1. Sungkem jadi momen yang penuh haru untuk meminta maaf

Sungkeman. (instagram.com/thebridestory)
Sungkeman. (instagram.com/thebridestory)

  1. "Kula aturaken panyuwun pangapunten ingkang setulus panggalih amargi kelepatan  ingkang kula damel sadangu menika." (Artinya: saya ucapkan permintaan maaf yang setulus hati karena kesalahan yang saya buat selama ini.)
  2. "Kula rumaosi kathah tindakan utawi tembung-tembung ingkang kula aturaken nyakiti panggalih Bapak/Ibu. Kula nyuwun pangapunten inggil sedaya lampahan ingkang kula tindakaken kaliyan sengaja utawi mboten sengaja." (Artinya: saya menyadari banyak perilaku maupun kata-kata yang saya ucapkan menyakiti hati Bapak/Ibu. Saya meminta maaf atas segala perbuatan yang saya lakukan secara sengaja maupun tidak sengaja.)
  3. "Kula ngaturaken panyuwun pangapunten dhateng tiyang sepuh ingkang sampun miyosaken lan ngagengaken kula. Kula ndonga mugi-mugi Bapak/Ibu terus dipunparingaken kesenggangan lan kawilujengan." (Artinya: saya menyampaikan permintaan maaf kepada orangtua yang telah melahirkan dan membesarkan saya. Saya berdoa semoga Bapak/Ibu terus diberikan kesehatan dan keselamatan.)
  4. "Wonten dinten ingkang sae menika, kula aturaken panyuwun pangapunten ingkang tulus saking panggalih kula." (Artinya: Di hari yang baik ini, saya ucapkan permintaan maaf yang tulus dari hati saya.)
  5. "Kathah sikap kula ingkang nyakiti panggalih Bapak/Ibu, kula nyuwun pangapunten inggiling lampahan kula ingkang kirang kersa wonten panggalih." (Artinya: Banyak sikap saya yang menyakiti hati Bapak/Ibu, saya mohon maaf atas perilaku saya yang kurang berkenan di hati)
  6. “Nyuwun pangapunten inggil sedaya tembung, tindakan lan lampahan ingkang nyakiti panggalih.” (Artinya: Mohon maaf atas segala kata, perilaku, dan tindakan yang menyakiti hati.)
  7. "Sugeng riyadi, sedaya kelepatan lan tindakan ingkang nate dipuntindakaken nyuwun dipun-apuntenaken." (Artinya: Selamat hari raya Idul Fitri, segala kekeliruan dan tindakan yang pernah dilakukan mohon dimaafkan.)
  8. "Sugeng Idul Fitri, mugi-mugi kita sedaya saged wangsul dhateng fitrah ingkang suci." (Artinya: Selamat idul fitri, semoga kita semua bisa kembali ke fitrah yang suci)
  9. "Nyuwun pangapunten ingkang saageng-agengipun inggil kelepatan ingkang kula damel. Mugi-mugi saged ikhlas sadayaning gineman lan lampahan ingkang mungkin nyakiti. (Artinya: Mohon maaf yang sebesar-besarnya atas kesalahan yang saya buat. Semoga dapat mengikhlaskan seluruh perkataan dan perbuatan yang mungkin menyakiti hati)
  10. "Sugeng Riyadi, kulo nyuwun agunging pangapunten dhumateng sedaya kalepatan ingkang kulo lampahi, tumraping pangucap lan penggawé, saking tingkah lampah ingkang kirang berkenan wonten penggalih panjenengan." (Artinya: Saya minta maaf atas semua kesalahan yang saya lakukan, dari kata-kata dan perbuatan, dari tingkah laku yang kurang berkenan bagi anda).

2. Berbagai kalimat dan ucapan di bawah ini bisa kamu gunakan untuk meminta maaf

Lesti Kejora Sungkeman dengan Orang Tua di Acara Pengajian (instagram.com/antv_official)
Lesti Kejora Sungkeman dengan Orang Tua di Acara Pengajian (instagram.com/antv_official)

  1. "Nyuwun pangapunten lair lan batin, mugi-mugi ing dinten ingkang suci menika, kula lan panjenengan sami-sami dilimpahkan berkah lan ampunan." (Artinya: mohon maaf lahir dan batin, semoga di hari yang suci ini, kita sama-sama dilimpahkan berkah dan ampunan.)
  2. "Kula nyuwun pangapunten dhateng tiyang sepuh kula, mugi-mugi Allah ngapura dosa lan kelepatan kula lan panjenengan wonten masa rumiyin." (Artinya: saya memohon maaf kepada orangtua saya, semoga Allah menghapuskan dosa dan kesalahan kita di masa lalu.)
  3. "Wonten dinten riyadi menika, kula naming saged nyuwun pangapunten lan ndonga mugi-mugi Allah maringaken kawilujengan kagem Bapak/Ibu." (Artinya: di hari Lebaran ini, saya hanya bisa memohon maaf dan berdoa semoga Allah memberikan keselamatan untuk Bapak/Ibu.)
  4. "Nyuwun pangapunten ingkang saageng-agengipun kagem Bapak/Ibu. Mugi-mugi kula lan panjenengan sami-sami dados tiyang ingkang langkung sae malih saking wekdal ingkang saderengipun." (Artinya: mohon maaf yang sebesar-besarnya untuk Bapak/Ibu. Semoga kita sama-sama menjadi orang yang lebih baik lagi dari waktu yang sebelumnya.)
  5. "Kula ndonga mugi-mugi Allah ngampuni dosa kula lan dosa Bapak/Ibu lan Allah saged nyayangi tiyang sepuh kula." (Artinya: saya berdoa semoga Allah mengampuni dosa saya dan dosa Bapak/Ibu dan Allah bisa menyayangi kedua orangtua saya.)
  6. “Ngaturaken sembah pangabekti kawula lan nyuwun pangapunten sedaya kalepatan kula sekeluwarga. Mugi linebura ing dinten riyaya punika.”( Artinya : Menyampaikan sungkem saya dan memohon permohonan maaf atas semua kesalahan saya sekeluarga. Semoga kesalahan terhapuskan dalam momen hari raya ini.)
  7. "Ngaturake sembah pangabekti menawi wonten pangucap kula ingkang kirang patut, lampah kula ingkang mboten cocok. Mugi-mugi Gusti Allah paring kasucian ati lan ridha-Nya dhumateng kita sedaya, lan mugi-mugi kito saget wangsul dhateng fitrah ingkang sejati kanthi kebeningan ati lan ketulusan." (Artinya: Menyampaikan mohon maaf jika ada pengucapan saya yang kurang patut, tindakan saya yang tidak baik. Semoga Allah memberi kesucian hati dan ridha kepada kita semua, dan semoga kita bisa kembali ke hati yang fitri yang sesungguhnya hingga hati yang bersih dan tulus)
  8. "Ingkang dinten fitri punika, kulo nyuwun agunging pangapunten dhumateng sedaya kalepatan ingkang kelampahan. Mugi-mugi wonten dinten suci punika, Gusti paring rahmat lan berkah dhumateng kita sedaya." (Artinya: Di hari yang fitri ini, saya minta permohonan maaf yang sebesar-besarnya atas semua kesalahan. Semoga tuhan memberikan rahmat dan berkah kepada kita semua)
  9. "Menawi wonten kalepatan saking tindak tanduk, tembung, lan pangucap kula ingkang kirang prayogi, mugi-mugi saged dipun puntenaken kalih sakebak manah." (Artinya: Jika ada kesalahan dari tingkah laku, kata-kata, dan ucapan saya yang kurang baik, semoga bisa dimaafkan dengan sepenuh hati)
  10. "Ingkan Hari Raya Idul Fitri ingkang agung menika, kula nyuwun agunging pangapunten dhumateng panjenengan. Mugi-mugi Gusti paring kasucian ati, ketenangan jiwa, lan keberkahan wonten ing saben langkah kita." (Artinya: Di Hari Raya Idul Fitri yang agung ini, saya minta permohonan maaf yang sebesa-besarnya kepada anda. Semoga tuhan beri kesucian hati, ketenangan jiwa, dan keberkahan di setiap langkah kita).

3. Permintaan maaf harus tulus dari hati yang terdalam

ilustrasi merenungkan makna maaf (pexels.com/Yaroslav Shuraev)
ilustrasi merenungkan makna maaf (pexels.com/Yaroslav Shuraev)

  1. "Tembung-tembung ingkang kengendika mungkin sampun nyakiti panggalih Bapak/Ibu, nanging kula ngajeng-ajeng pangapunten mboten nate ketutup saking panjenengan. Nyuwun pangapunten lair lan batin." (Artinya: Kata-kata yang terucap mungkin sudah menyakiti hati Bapak/Ibu, namun saya berharap pintu maaf tak pernah tertutup darimu. Mohon maaf lahir dan batin.)
  2. "Kula manjataken puji syukur sanget amargi saged dipunkepanggihaken malih kaliyan dinten riyadi lan nyuwun ampun dhateng Bapak/Ibu." (Artinya: saya sangat bersyukur karena bisa dipertemukan kembali dengan hari Lebaran dan memohon ampunan kepada Bapak/Ibu.)
  3. "Tindakan kula ingkang klentu, lampahan kula ingkang njalaraken lara ati, mugi-mugi tansah dipunngapuntenaken amargi sedaya menika kula lampahaken inggil dhasar tresna lan asih dhateng Bapak/Ibu." (Artinya: tingkah laku saya yang keliru, perbuatan saya yang menyakiti hati, semoga selalu dimaafkan karena semua ini saya lakukan atas dasar cinta dan kasih kepada Bapak/Ibu.)
  4. "Kula nyuwun pangapunten dhateng Bapak/Ibu lan ndonga mugi-mugi dosa lan kelepatan kula lan panjenengan sami-sami dipunampuni wonten donya menika." (Artinya: saya mohon maaf kepada Bapak/Ibu dan berdoa semoga dosa dan kesalahan kita sama-sama diampuni di dunia ini.)
  5. "Kita dipunkepanggihaken malih kaliyan dinten ingkang sae, inggih menika riyadi. Ing dinten menika, kula nyuwun pangapunten menawi nate nyakiti panggalih Bapak/Ibu." (Artinya: kita dipertemukan lagi dengan hari yang baik, yakni Idul Fitri. Pada hari ini, saya meminta maaf apabila pernah melukai hati Bapak/Ibu.)
  6. “Ngaturaken sembah pangabekti kawula. Sepinten kalepatan kulo, lampah kulo setindak, paben kulo sakecap ingkang mboten angsal idining sarak, kulo nyuwun pangapunten mugi lineburo ing dinten riyoyo puniko.” (Artinya: Mengucapkan minta maaf atas semua kesalahan saya, semua tidakan saya, setiap ucapan saya yang sembarangan, saya minta maaf sebesar besarnya di hari raya ini.”
  7. "Kula sakulawarga ngaturaken sugeng riyadi, mugi-mugi ing dinten ingkang suci punika, Gusti Allah tansah kersa nglebur sedaya kalepatan kita sedaya." (Artinya: Saya sekeluarga mengucapkan selamat lebaran, semoga di hari yang suci ini Allah Swt berkenan menghapus seluruh kesalahan kita)

  8. "Sugeng riyadi kagem para sedherek, mugi wonten dinten ingkang fitri punika sedaya lepat kita tansah disepura dengan Gusti Ingkang Maha Suci." (Artinya: Selamat hari lebaran saudara-saudara sekalian, semoga di hari yang fitri ini semua dosa kita senantiasa diampuni oleh Tuhan Yang Maha Suci)

  9. "Nyuwun pangapunten lair lan batin, mugi-mugi kula lan panjenengan keparing sami-sami ngapuntenaken lan wangsul njalin silaturahmi." (Artinya: Maaf lahir dan batin, semoga kita dapat saling memaafkan dan kembali menjalin silaturahmi.)

  10. "Pangapunten ingkang sami dipunpirsani, yen sami sesambetan ingkang salira." (Artinya: Mohon maaf atas segala kesalahan yang pernah dilakukan, jika ada yang merasa tersinggung karena ulah saya).

4. Sungkeman dengan orangtua gak boleh dilewatkan saat Lebaran

Lesti Kejora Sungkeman dengan Orang Tua di Acara Pengajian (instagram.com/antv_official)
Lesti Kejora Sungkeman dengan Orang Tua di Acara Pengajian (instagram.com/antv_official)

  1. "Sadayaning kelepatan ingkang kula tindakaken nyuwun dipun-apuntenaken, sumangga kita wiwit dinten ingkang enggal ing dinten riyadi menika." (Artinya: semua kesalahan yang saya lakukan mohon dimaafkan, mari kita mulai hari yang baru pada Hari Raya Idul Fitri ini.)
  2. "Mugi-mugi sadayaning kelepatan ingkang kula lan panjenengan tindakaken keparing dipunampuni dening Allah ing dinten riyadi menika." (Artinya: semoga semua kesalahan yang kita perbuat dapat diampuni oleh Allah pada hari Lebaran ini.)
  3. "Kula badhe ngaturaken nyuwun pangapunten lair lan batin amargi sadayaning kelepatan kula." (Artinya: saya ingin mengucapkan mohon maaf lahir dan batin karena semua kesalahan saya.)
  4. "Mugi-mugi kula lan panjenengan saged sami-sami ngapuraaken kelepatan ingkang nate kedados." (Artinya: semoga kita bisa saling memaafkan kesalahan yang pernah terjadi.)
  5. "Kula ngaturaken sugeng riyadi, mugi-mugi panggalih kula lan panjenengan wangsul resik lan fitri." (Artinya: saya mengucapakan selamat hari raya Idul Fitri, semoga hati kita kembali bersih dan fitri.)
  6. “Ngaturaken wilujeng Idul Fitri nyuwun agunging pangapunten, mugi kito kanugrahan jatining fitrah saking gusti Ingkang Moho Pemurah.” (Artinya: Selamat Hari Raya Idul Fitri minta maaf sebesar besarnya, semoga kita diberikan kesucian diri dari yang Maha Pemurah.)
  7. "Sugeng Riyadi, kulo ucap kanthi rendahing ati. Kulo nyuwun agunging pangapunten menawi wonten kalepatan ing pangucap, tingkah lampah, utawi tumindak kula ingkang boten berkenan wonten penggalih panjenengan." (Artinya: Mohon maaf lahir dan batin saya ucapkan dengan kerendahan hati saya. Saya minta maaf yang besar jika ada kesalahan dalam ucapan, tingkah laku, atau tindakan saya yang tidak berkenan bagi anda)
  8. "Hari Raya Idul Fitri dados wekdal ingkang sae kangge ngapuntenaken. Mugi-mugi Gusti paring rahmat lan pangapura dhumateng kita sedaya." (Artinya: Hari Raya Idul Fitri menjadi waktu yang baik untuk saling memaafkan. Semoga Allah memberikan rahmat dan pengampunan kepada kota semua)
  9. "Ngaturaken wilujeng Idul Fitri nyuwun agunging pangapunten. Menawi  wonten sikep kulo ingkang mboten sae, mugi saged dipunpurih kanthi luhuring penggalih." (Artinya: Selamat Hari Raya Idul Fitri minta maaf sebesar besarnya. Apabila ada sikap saya yang tidak baik, semoga bisa dimaafkan sepenuhnya)
  10. "Mugi-mugi wonten dinten sae menika, ati lan jiwa kita saged wening lan suci, kalawan rahmat lan berkah saking Gusti ingkang Maha Agung." (Artinya: Semoga di hari yang baik ini, hati dan jiwa kita bisa jernih dan suci, dengan rahmat dan berkah dari Alla yang maha agung)

5. Kalimat dengan Bahasa Jawa bisa bikin sungkeman jadi lebih dekat dan personal

potret keluarga Hengky Kurniawan (instagram.com/hengkykurniawan)
potret keluarga Hengky Kurniawan (instagram.com/hengkykurniawan)

  1. "Bilih kula kagungan kelepatan, nyuwun dipun-apuntenaken kanthi ikhlas, nggih." (Artinya: jika aku punya kesalahan, mohon dimaafkan setulus hati, ya!)
  2. "Kula nyuwun pangapunten inggiling kelepatan ingkang sadangu menika kula tindakaken. Mugi-mugi panggalih kula lan panjenengan fitrah malih." (Artinya: saya memohon maaf atas kesalahan yang selama ini saya perbuat. Semoga hati kita kembali fitrah.)
  3. "Nyuwun pangapunten lair lan batin, mugi-mugi wonten dinten ingkang sae menika, kita dipunparingi ampunan saking Allah." (Artinya: Mohon maaf lahir dan batin, semoga di hari yang baik ini kita mendapat ampunan dari Allah.)
  4. "Mugi-mugi Gusti paring rahmat lan berkah dhumateng kita sedaya, lan mugi-mugi kita tansah pinaringan kesehatan, kesucian ati, lan ketentreman jiwa." (Artinya: Semoga Allah beri rahmat dan berkah kepada kita semua, dan semoga kita selalu mendapatkan kesehatan, kesucian hati, dan ketentreman jiwa.)
  5. "Mugi-mugi Allah maringi ampunan saben ngendikan ingkang klentu lan lampahan kita sadaya ingkang ingkang mboten sae." (Artinya: semoga Allah mengampuni setiap perkataan kita yang keliru dan perbuatan kita yang yang tak baik.)
  6. "Mugi-mugi wonten dinten fitri menika, kita saged dados tiyang ingkang langkung sae, langkung wening atine, lan langkung suci." (Artinya: Semoga di hari yang fitri ini, kita bisa jadi orang yang lebih baik, lebih jernih hatinya, dan lebih suci.)
  7. "Wonten dinten riyadi, mugi-mugi kita saged sami-sami dipunparingi ampunan dening Allah lan dipunparingi perlindungan." (Artinya: di hari Lebaran, semoga kita bisa sama-sama diberi ampunan oleh Allah dan diberi perlindungan.)
  8. "Kula nyuwun pangapuro, mugi-mugi Allah nglebur dosa kula lan panjenengan ing dinten riyaya menika." (Artinya: Saya mohon maaf, semoga Allah menghapuskan dosa saya dan kamu di hari raya ini.)
  9. "Ngaturaken sugeng riyadi kagem bapak lan ibu sak keluargo mugi tansah sehat lan sentoso." (Artinya: Selamat Hari Raya Idul Fitri untuk Bapak dan Ibu sekeluarga semoga diberi kesehatan dan kesejahteran.)
  10. "Mugi-mugi Gusti paring pangapura dhumateng kita sedaya, lan mugi-mugi ati kita suci, langkah kita lancar, lan berkah Gusti tansah sumrambah ing gesang kita." (Artinya: Semoga Allah memberi maaf kepada kita semua, dan semoga hati kita suci, langkah kita lancar, dan berkah oleh Allah selalu bertebaran di hidup kita.)

Permohonan maaf yang tulus dapat membuat orang tua semakin menyayangi kamu. Yuk, coba beberapa kalimat di atas untuk Hari Lebaran nanti! 

Share
Editor’s Picks
Topics
Editorial Team
Pinka Wima Wima
Dina Salma
3+
Pinka Wima Wima
EditorPinka Wima Wima
Follow Us