15 Lagu Natal Bahasa Jawa, Bisa Untuk Koor Misa Gereja

Sugeng natal, Katresnan kudu nutupi harmoni!

Setiap tanggal 25 Desember, umat Kristiani selalu merayakan misa natal di gereja. Para jemaat pun bernyanyi bersama dengan bahagia menyambut kelahiran Tuhan Yesus Kristus ke dunia dengan bahagia.

Adapun lantunan lagu rohani natal juga dibuat dalam beberapa bahasa, salah satunya adalah bahasa Jawa. Berikut IDN Times telah merangkum deretan lagu natal berbahasa Jawa yang bisa kamu nyanyikan bersama di ibadah gereja. Klik artikel lengkapnya!

1. Dalu Adi

https://www.youtube.com/embed/OytTyiOHY_s

Dalu adi abyor cahyeng kartika dalu suci miyosing Pamarta
Jagad raya kang risak wit duraka den pulihken pindha Pirdus mulya
pra manungsa kang sangsara wit dosa linuwaran mrih tentrem raharja

Mangga sujud saos bekti mring Gusti
Dalu adi Panebus wus manjalma
Dalu suci Sang Kristus wus prapta

Dalu adi lintang panjer sung cahya, dalu suci rawuhing Sang Putra
Bayi suci rinengga kaapesan karsa mbikak korining kaswargan
Angrukunken Allah klayan manungsa
Wah sung gesang sayekti sampuma

Mangga sujud saos bekti mring Gusti
Dalu adi Panebus wus manjalma
Dalu suci Sang Kristus wus prapta

Dalu adi Sang putra tedhak donya, dalu suci mlaekat sung puja,
Kang Mamulya karsa ngesorken srira, ngrembat dosa mrih jagad slameta,
Dayaning pati mangkya ingasorken,
Pra manungsa sinung gesang langgeng

Mangga sujud saos bekti mring Gusti
Dalu adi Panebus wus manjalma
Dalu suci Sang Kristus wus prapta

2. Ing Ratri Dalu Adi

Ing ratri dalu adi
Wus nendra donya sri
Kang wungu mung brayat mulya
Sumujud ngadep
Kang Putra Sare ing makanan Sare ing makanan

Ing ratri dalu adi
Putreng Hyang Ma Suci
Amargi gunging katresnon
Maringi ketentreman
Tumurun ing donya
Tumurun ing donya

3. Sakjeke Aku Nderek Gusti

Sakjeke aku nderek Gusti
Uripku tansah diberkahi
Atiku ayem tentrem, atiku ayem tentrem
Kabeh ikut Gusti Yesus sing maringi

Matur nuwun, matur nuwun
Matur nuwun Gusti Yesus, kulo matur nuwun
Matur nuwun, matur nuwun
Matur nuwun Gusti Yesus, kulo matur nuwun

4. Dinten Natal Dinten Adi

Dinten Natal dinten adi, dinten kabingahan yekti
Nglipur tiyang nandhang sisah, ngiyataken tiyang semplah
Ingkang kesaput pepeteng tinuntun mring padhang langgeng
 
Dinten Natal dinten mulya, dinten kang mbingahaken driya
Mgengeti tiyang siniya, nulungi tiyang kang papa
Ngrukunken kang sami dredah ngraosken berkahing Allah

Dinten Natal dinten suci, wiyos Sang Kristus Gusti
Sumangga sumyak memuji, sung panggunggung pangabekti
Wah ngundhangken sih-rahmatnya sarana tumindak nyata

5. Wilujeng Natal

https://www.youtube.com/embed/Fvz0fjzXt2Q

Rikala urip kebak susah
Pikir semrawut raga lungkrah
Ra kuwat nyangga coba, adhuh gusti
Mugi paduka mitulungi 

Lintang kang padhang njur sumunar
Mangsa kang peteng pungkas ilang
Karana tresna allah mring manungsa
Rawuh ing donya nebus dosa kita 

Wilujeng natal dulur
Tentrem raharja nunggil
Ra perlu susah lan kwatir
Ki piye, suk piye 

Wilujeng natal dulur
Tentrem raharja nunggil
Yo padha dadya
Berkah sapepadha

6. Ing Betlehem Kang Tan Aji

Ing Betlehem kang tan aji wus miyos Sang Bayi.
Kang kadya wus kaweca aneng Kitab Suci.
 
Suraka, ya suraka! Kanthi suka rena,
"Sang Pamarta wus manjalma nunggil klayan kita!"

Bayi papa kang kaweca agung pangwasanya
Mbirat salir sangsara wah pangrehing dosa.

Bayi suci kang ginusti tumedhak sing swarga;
Ambabar asih-tresna, yogya tinuladha
 
Bayi adya wah sampurna tumedhak mring jagad,
Nedya sung karaharjan, wit gung ing sih-rahma

Baca Juga: 15 Lagu Natal Batak, Cocok Dinyanyikan Bareng Keluarga

7. Pamuji Ing Dinten Natal

Pamuji mring Gusti kang trusing ati
Ing dinten riyadi natal puniki
Prihatosing driya ginantos bingah
Kuwatosing donya sirna wit berkah

Pamuji tan kendhat mring Kang Murbengrat
Kang paring sih rahmat tumrah mring jagad
Nggesangken tyang semplah mrih nglawan pati
Ngiyatken tyang lungkrah mrih gesang suci

Pepujen panggunggung konjuk Kang Magung
Kang ngutus Sang Putra dadya Pamarta
Nucekken manungsa sung gesang yekti
Nuntun tyang pracaya setya ngabekti

Pepujen kang tulus konjuk Sang Kristus
Sing dhamparing swarga tedhak manjalma
Nuladhani kita wah sagung titah,
Nandukken sih tresna dalah mring mengsah

8. Lintang Wetan

Lintang wetan samangkya andadari
Cahyanya gumebyar anyunari
Wijil Paduka lir asung pawarti
Neng cakrawala panglipur ati
 
Wonten pundi wiyosipun Gusti?
Punapa aneng panggenan adi?
Sumarene napa den aji-aji?
Napa estu niku Jrubasuki?
 
Lah suwawi sujud dateng Gusti
Asumungkem asaos pamuji
Amba tan darbe kang minangka bukti
Namung amba sumuyud mring Gusti

9. Nderek Dewi Maria

Ndherek Dewi Maria temtu 'geng kang manah
Boten yen kuwatosa Ibu njangkung tansah
Kanjeng Ratu ing swarga amba sumarah samya
Sang Dewi, Sang Dewi, mangestonana

Nadyan manah getera dipun godha setan
Nanging batos engetnya wonten pitulungan
Wit sang Putri Maria mangsa tega anilar
Sang Dewi, Sang Dewi, mangestonana

Menggah saking apesnya ngantos kelu setan
Boten yen ta ngantosa klantur babar pisan
Ugeripun nyenyuwun Ibu tansah tetulung
Sang Dewi, Sang Dewi, mangestonana

10. Srengenge Nyunar

https://www.youtube.com/embed/hAhD8286TYk

Srengenge nyunar kanthi mulya
Anggine midid klawan rena
Manuke ngoceh ana ing wit-witan
Kewane nyenggut ana ing pasuketan
Kabeh podo muji Allah kang mulya
Kabeh podo muji Allah kang mulya

Ngger anakku bocah pinter
Kudu tumindak sing bener
Tansah ngluhurke asma gusti pangeran
Urip kang prasaja dimen mbesuke mulya
Kabeh podo muji Allah kang mulya
Kabeh podo muji Allah kang mulya

Ucap syukur mring gusti pangeran
Berkah sehat lan uga kesarasan
Urip kang ayem tentrem sajroning manah
Janjine Gusti bakal lumeber berkah
Kabeh podo muji Allah kang mulya
Kabeh podo muji Allah kang mulya

Srengenge nyunar kanthi mulya
Anggine midid klawan rena
Manuke ngoceh ana ing wit-witan
Kewane nyenggut ana ing pasuketan
Kabeh podo muji Allah kang mulya
Kabeh podo muji Allah kang mulya
Kabeh podo muji Allah kang mulya
Kabeh podo muji Allah kang mulya 
 

11. Dumeling Kapyarsa

Dumeling kapyarsa sabawa sung warti
Supados sami sadhiya, rawuhnya Njeng Gusti
Gusti paringa manah kang suci
Kenging kangge ngrumati rawuhnya Njeng Gusti

Kabingahan amba saestu nglangkungi
Jalaran rawuhing Gusti, jagad den resiki
Gusti paringa manah kang suci
Kenging kangge ngrumati rawuhnya Njeng Gusti

Kasucening manah, karesikaning tyas
Dede saking labet amba, kejawi mung sihnya
Gusti paringa manah kang suci
Kenging kangge ngrumati rawuhnya Njeng Gusti

12. Hosiana, Gustiku

Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur
Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur
Pra manungsa sajagad den paringi sih rahmat
Gedhe cilik ya kliwatan
Payo muji Pangeran

Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur
Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur
Pra manungsa sadonya samya amanembrama
Samangkya sajagad bingah
Wit katresnaning Allah
 
Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur
Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur
Pra manungsa sabumi samya atur pamuji
Samangkya samya ngabekti maring Sang Kristus Gusti
 

13. Gumebyar!

Gumebyar! Gumebyar! Lintang wetan sumunar
Pra Pujanggasaking wetan madosi Putra kaswargan
Ing kang sampun binabar
 
Betlehem! Betlehem! Pujinen Ratu Salem!
Linuhurna Hyang Makwasa!
Tentrem - rahajeng neng bumi
Manungsa sinarjonan!
 
Sangsara, sangsara rawuhe Sang Pamarta
Nging nggih niku kang pinuji
Ing golongan bala swarga.
Nggih niku Gusti kula.
 
Dhuh Gusti, dhuh Gusti! Kawula saos bekti
Ryadin m'nika, mugi kula
Wilulanga andedonga,
Sowan mring Sang Ginusti

14. Gloria Konjuk Hyang Maha Luhur

Sing saindenging bawana ngumandhang kidung puja
methukken mring Sang Pamarta, kang manjalma neng donya
Gloria Allah Maha mulya, Gloria Allah Maha mulya

Pujining kasukan nyata, pangluwaran sing dosa,
tentrem raharja neng bumi wit Sang Pamarta prapti
Gloria Allah Mahamulya, Gloria Allah Mahamulya

Kidung panggunggung mring Gusti, kang gung ing sih piwlasnya
de rawuhnya tan ngadili nging nylametken manungsa
Gloria Allah Mahamulya, Gloria Allah Mahamulya

15. Dalu Suci

https://www.youtube.com/embed/rwjI354fwKk

Dalu suci tidem sami
Jeng Gusti Pamarta
Tedhak manjalma krana kita
Miyos wonten kandhang Betlehem
Gustining dumadi
Gustining dumadi

Bayi suci kang Ginusti
Nebudi tyang dosa
Nilar kamulyane ing swarga
Sumeleh ing suket kang nista
N'ladani mring kita
N'ladani mring kita

Dalu suci, tidhem sami
Jeng Gusti angasta
Katentremane jagad-raya
Kados prasetyane Kang Rama
Mila linuhurna
Mila linuhurna

Dalu suci tidhem sami
Jeng Gusti ambekta
Pirukuning tyang dosa sami
Cinandhang prasetyan kang baka
Amin linuhurna
Amin linuhurna

Belasan lagu di atas adalah kidung pujian atas kelahiran Yesus. Dari sederet lagu natal bahasa Jawa di atas, mana yang paling sering kamu dengarkan di gereja?

Baca Juga: 25 Ucapan Natal untuk Calon Mertua, Penuh Kasih!

Topik:

  • Indra Zakaria
  • Stella Azasya

Berita Terkini Lainnya