ilustrasi pelajar (pexels.com/Pexels User)
21. Geguritan kuwi kelebu karangan arupa ....
a. puisi
b. lagu
c. fabel
d. legenda
Jawaban: a
22. Ora ngurangi lan ora nambahi tembung lan ukara ing sakjroning karangan asline diarani ....
a. ringkesan
b. ulasan
c. geguritan
d. puisi
Jawaban: a
23. Ngematake pocapan, lisan, lan penghayatan iku menawa . . . . geguritan
a. maca
b. ngrungoake
c. nyanyi
d. nulis
Jawaban: a
24. Nalika kanca carita ana ngarep kelas kanca liane kudu menehi....
a. ngece
b. suara
c. hadiah
d. saran
Jawaban: d
25. Kewan kuwi arep kanggo memetri desa(...), tandha wacan kang trep ing njero kurung yaiku ….
a. koma
b. titik loro
c. titik koma
d. titik
Jawaban: d
Teks wacan kanggo nomer 26-31.
Nalika semana, kasultanan Demak dipimpin pangeran Made Pandan, duwe putra arane Pangeran Pandan Arang. Sawijing dini pangeran, putra, lan abdine lelana tekan alas banjur bukak alas kanggo nandur lan pomahan. Durung ngrasakake hasile, Pangeran seda ninggal weling “Ngger anakku. Olahen papan iki kanthi temen. Aja pisan-pisan ditinggalake amarga mengkone dadi panggonan kang reja.”
Sawijining dina pangeran Pandan Arang ngendika “Rakyatku lemah subur nanging ana wit asem kang thukule arang-arang banjur papan iki tak jenengi semarang,saka tembung asem kang arang-arang”
26. Irah-irahan kang trep yaiku ....
a. Semarang
b. Kutha Semarang
c. Artine Semarang
d. Asal Usul Semarang
Jawaban: d
27. Tembung reja ing cerita dhuwur tegese ….
a. seda
b. subur
c. tentrem
d. ijo royo-royo
Jawaban: b
28. Paraga ana cerita ing dhuwur ....
a. Pangeran Made Ppandan
b. Pangeran Pandan Arang
c. Rakyate
d. Pangeran Made Pandan, Pangeran Pandan Aran, Rakyate
Jawaban: d
29. Pangeran Made Pandan seda ana ing ....
a. pomahan ing alas
b. desa Pandanaran
c. kesultanan Demak
d. alas kang gedhe
Jawaban: d
30. Watake Pangeran Pandan Arang manut carita kuwi yaiku ....
a. manut marang wong tuwa
b. welas asih marang abdine
c. seneng nglawan bapake
d. sakti mandraguna
Jawaban: a
31. Pesene Pangeran Made Pandan kanggo putrane ana carita ing dhuwur yaiku ....
a. rajin sinau lan nabung
b. bekti marang wong tuwa
c. ora ninggalake papan kuwi
d.njenengi papan kuwi dadi Sermarang
Jawaban: c
32. Tembang macapat sing nggambarake kahanan seneng lan legawa yaiku ...
a. Pangkur
b. Asmaradana
c. Maskumambang
d. Mijil
Jawaban: d
33. Ukara sing nganggo basa krama alus yaiku
a. Mbok Randha urip piyambak ora duwe anak.
b. Mbok Randha gesang piyambak mboten kagungan putra.
c. Mbok Randha gesang dewe mboten kagungan putra.
d. Mbok Randha gesang piyambak mboten gadhah anak.
Jawaban: b
34. Guru wilangan lan guru lagu tembang macapat Pangkur yaiku ...
a. 8i
b. 8u
c. 8a
d. 8e
Jawaban: b
35. Pacelathon iku padha karo . . .
a. dialog
b. puisi
c. geguritan
d. lagu
Jawaban: a