10 Contoh Geguritan Tentang Sumpah Pemuda

Geguritan, sebagai salah satu bentuk puisi dalam bahasa Jawa, memiliki kekuatan untuk menyampaikan pesan-pesan penting melalui keindahan bahasa dan irama. Karya sastra ini sering digunakan untuk mengekspresikan berbagai perasaan dan nilai, termasuk semangat kebangsaan.
Salah satu momen bersejarah yang kerap diangkat dalam geguritan adalah Sumpah Pemuda, sebuah tonggak persatuan bagi generasi muda Indonesia. Lewat geguritan, semangat dan nilai-nilai dari Sumpah Pemuda dapat diterjemahkan ke dalam bahasa puitis yang menginspirasi. Berikut ini beberapa contoh geguritan tentang Sumpah Pemuda. Cek, yuk!
1. Geguritan tentang Sumpah Pemuda

Pahlawanku
Dening: Arga Rafi WPahlawan, sliramu dadi dalan kemerdekaan
Tadak awak ora wedi marang kematian
Nyowomu kanggo pondasine kebebasan
Kanggo rakyat saking cengkramane penindasanPahlawan, awan bengi nantang maut
Nglawan misil miisl kang semrawut
Kabeh lawan koe ajak gelut
Ra peduli najan awak podo benjutPahlawan, semangatmu koyo geni
Ngobong kabeh pasukane kompeni
Kanggo njaga lemah kang ditresnani
Indonesia merdeka, Indonesia di ormatiPitulas agustus taun papat lima
Opo sing diimpike dadi nyata
Saiki Indonesia wes merdeka
Pahlawan, perjuanganmu ra sia-siaIndonesia merdeka!!!
Indonesia merdeka!!!
Kabeh mergo perjuanganmu
2. Geguritan tentang sumpah pemuda

Gemregahing Pemudha
Ilining ludira ing jroning raga
Nyawiji karo muntaping rasa iki
Gumregahing daya dadi pratandha
nyawijining bangsa ora bisa kaselakiSumpah pemudha iki
ora mung janji
kuwi bukti nyawijining pertiwi
Bangsa, basa lan bantala mung siji
yaiku Indonesia Raya Bumi PertiwiCluwak, 28 Oktober 2015
3. Geguritan tentang Sumpah Pemuda

Sumpah Pemudha
Sumpah Pemudha
Kanthi semangat ing atimu
Kanggo kamardikan
pemuda Indonesia
Tekad sing kuwatNjunjung
Manunggal lan seduluran
Sumpah iki,
Bukti tekad kita sing kuat
4. Geguritan tentang Sumpah Pemuda

Pahlawan
Dening: Yoggi Putra PratamaSliramu pancen pahlawanku
Bektimu marang negara
Pancen gedhe banget
Panas udan
Ora dadi alanganMung kanggo nagara
Sliramu ninggalake sanak sedulur
Supaya negara kita merdika
Pahlawan...
Anggonmu mbela nagaraTaruhane nyawa
Aku ora bakal nglalekake
Jasa-jasamu
Oh pahlawanku
5. Geguritan tentang Sumpah Pemuda

Ksatria Negriku
Dening: Prayudha Dwi WicaksanaTumestesing waspamu
Milining ludiramu
Ora bakat muspra
Apa maneh sia-siaAdus kringet bela pertiwi
Kok terjang tanpa rasa koder
Mung kanggo mulyaning negri ikiKsatria negriku
Gumrengah tanpa owah
Ksatrian pinumjul kang gagah
6. Geguritan tentang Sumpah Pemuda

Pahlawan
Dening: Engki A. P.Panjenengan rela kurban nyawa
Supaya negara iki mardika
Panjenengan rela ninggal keluarga
Kanggo bela nusa lan bangsaSanajan sliramu wus seda
Jeneng lan pangurbanan panjenengan
Ora bakal daklaleknaAmarga pangurbanan panjenengan
Negara iki mardika
Snajaan akeh pacoban sing nglang ngalangi
Pacoban tetep kok adhepi
Kanthi ati kang sijiPahlawan...
Ora bakal dak lali
Kabeh pangurbanan kuwi
Tansah dak jaga
Supaya tetep mardika
7. Geguritan tentang Sumpah Pemuda

Waspa Saka Bangsa
Lilakna aku mara nggawa
Tembang-tembang rasa
Kang ginuritku ing angkasa
Supaya atiku kathon legaGuritku mung gurit sumende
Tansah njojoh jiwa ing kene
Ojo thok gawe lara
Ben dadi pamikire kancaLinambaran waspa kang dadi
Ubeling panandang angga
Ameruhi lukning jantra bangsa
Kang wus ngancik ing luwih saka 50 warsaDina-dina mung kebak warta
Kang gawe ringkihe bangsa
Kabeh pada sulaya
Ngrebut menang pamikiranDina iki layange angin
Paweh kabar sing digawa
Maling malaing nagri
Wus nguntal jiwa bumi pertiwiWarta wingi
Kabuka saka kaca televisi
Anane suwarga kang butuh nyawa
Saka nom-nomane negaraSawangen ing kana
Gendara abang putih
Sing gawa getih lan balunge rama
Saiki wus kajuwing-juwing
8. Geguritan tentang Sumpah Pemuda

Pahlawanku
Dening: Muhammad Adjie IsmailPahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manehe
Karujit-rujit rasa pang rasanePahlawanku
Mugya gusti paring nugrara
Semana gedhene buktimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Among siji pangajabmu
Merdika
9. Geguritan tentang Sumpah Pemuda

Kabar Apik Kanggo Pahlawan
Yen ora kanggo usahamu
Ngasah pring
Bet urip lan pati
Mung kanggo negaraYen mung wektu iku
Semangatmu ilang
Batinmu kaya kapas
Aku ora ngerti apa sing kedadeyan dina ikiPahlawan!
Menawi wonten tembung sanes ingkang mathuk
Aku bakal ngganti jeneng
Aku bakal milih sing paling apik kanggo sampeyanaku isin…
Aku ora bisa mujudake kekarepanmu
Aku ora bisa ngganti pengorbananmu
Nanging, aku ora bakal mbuwang hadiah sampeyan iki
10. Geguritan tentang Sumpah Pemuda

Pahlawan
Dening: Ibra RazeddiantoPahlawan...
Gedhe jasamu ing negeri iki
Kowe ngurbanake nyawa, bandha, keluarga kanggo negeri iki
Tanpa nyerah...Pahlawan...
Dalan uripmu ora dawa
Nanging jasamu ora bisa dilalekna
Ora ana sing ngerti apa sing kedadean ing dinamu
Nanging koklakoni kanggo anak putuPahlawan...
Ing dongaku daksebut jenengmu
Tak dongakake kanggo alam akhiratmu
Muga-muga bisa seneng ing kana
Lan dadi ahli swarga
Demikianlah beberapa contoh geguritan tentang sumpah pemuda. Melalui karya sastra ini, pesan-pesan perjuangan dan cinta tanah air dapat terus dikenang dan diwariskan kepada generasi berikutnya.