ilustrasi ujian (pexels.com/Narisun Khan)
1. Yo prakanca dolanan ing njaba
Padhang mbulan padange kaya rina
Rembulane kang ngawe-awe
Ngelingake aja turu sore-sore.
Ira-irahane tembang ing nduwur yaiku...
A. Lir ilir
B. Suwe ora jamu
C. Padhang mbulan
D. Sayuk-sayuk
Jawaban: C
2. Isine tembang “Padhang Mbulan” ngajak...
A. Nonton mbulan
B. Rame-rame
C. Dolanan ing njaba
D. Turu sore
Jawaban: C
3. Watake tembang “Pandhang Mbulan” yaiku...
A. Seneng-seneng
B. Sedih
C. Ngenes
D. Nlangsa
Jawaban: A
4. Raden werkudara iku satriiya ing...
A. Plangkawati
B. Madukara
C. Amarta
D. Jodhipati
Jawaban: D
5. Bocah – Dudung – kang – iku – sinau – sregep
Urutan kang bener saka ukara ing dhuwur yaiku...
A. Kang dudung bocah sregep sinau iku
B. Dudung iku bocah kang sregep sinau
C. Dudung bocah iku sregep kang sinau
D. Bocah dudung iku kang sregep sinau
Jawaban: B
6. Pakdhe lagi bali saka Semarang
Ukara ing dhuwur basa kramane yaiku...
A. Pakdhe nembe tindak saking Semarang
B. Pakde nembe kondur saking Semarang
C. Pakdhe nembe wangsul menyang Semarang
D. Pakdhe nembe wangsul saking Semarang
Jawaban: B
7. Apa pesen sing bisa dijupuk saka crita Pandhawa?
A. Urip ora perlu adil
B. Kabeneran mesthi menang
C. Serakah iku becik lan kudu ditiru
D. Dadi wong ala luwih gampang tinimbang dadi becik
Jawaban: B
8. Apa watak utama sing diduweni Pandhawa?
A. Licik
B. Males lan pelit
C. Jujur lan adil
D. Ora gelem kekancan
Jawaban: C
9. Gunane kerangka karangan ing tulisan yaiku...
A. Supaya luwih kebak isine
B. Supaya luwih dawa
C. Supaya tulisane rapi lan gampang diwaca
D. Supaya critane dadi luwih ruwet
Jawaban: C
10. Apa sing ora bakal dilakoni dening Pandhawa?
A. Ora adil marang wong liya
B. Tumindak serakah lan durjana
C. Ora seneng congkrah marang liyan
D. Ora gelem nulungi kanca
Jawaban: B