Contoh Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa

- Khutbah Idul Adha dalam bahasa Jawa menyentuh hati para jemaah
- Nyambut Idul Adha dengan takwa dan kesabaran meneladani Nabi Ibrahim dan Birrul Walidain Nabi Ismail
- Hikmah syariat kurban: ibadah yang meraih keseimbangan antara hubungan dengan Allah dan sesama, serta manfaat sosial yang luas
Hari Raya Idul Adha menjadi salah satu momen penting bagi umat Islam di seluruh dunia, termasuk di Indonesia. Selain menjadi waktu untuk menunaikan ibadah kurban, Idul Adha juga diisi dengan pelaksanaan salat Id berjemaah yang diikuti dengan penyampaian khutbah.
Di wilayah Jawa dan sekitarnya, khutbah Idul Adha kerap disampaikan dalam bahasa Jawa agar lebih mudah dipahami dan menyentuh hati para jemaah. Berikut ini beberapa contoh khutbah Idul Adha dalam bahasa Jawa yang bisa dijadikan referensi oleh para khatib di daerah Jawa dan sekitarnya. Langsung cek, yuk!
1. Nyambut Idul Adha

Alhamdulillaahilladzii arsala rasuulahu bil-hudaa wa diinil-haqqi liyuzh-hirahu 'alad-diini kullihi wa lau karihal-musyrikuun. Asyhadu allaa ilaaha illallaah wa asyhadu anna Muhammadan rasuulullaah. Allaahumma shalli wa sallim wa baarik 'alaa sayyidinaa Muhammad wa 'alaa aalihi wa ash-haabihi wat-taabi'iina bi-ihsaanin ilaa yaumid-diin.
Ammaa ba'du: Fayaa ayyuhal-ikhwaan, uushiikum wa nafsii bitaqwallaahi wa thaa'atihi la'allakum tuflihuun. Qaala Allaahu ta'aalaa fil-Qur'anil-Kariim: A'uudzu billaahi minasy-syaitaanir-rajiim. Bismillaahir-rahmaanir-rahiim:
Yaa ayyuhalladziina aamanuu ittaqullaaHa wa quuluu qawlan sadiidaa, yushlih lakum a'maalakum wa yaghfir lakum dzunuubakum. Wa man yuthi'illaaha wa rasuulahu faqad faaza fauzan 'azhiimaa. Shadaqallaahul-'azhiim.
Jamaah Jum'at Ingkang Minulyo
Monggo kito tansah ningkataken takwo dumateng Gusti Allah kanti ngelampahi sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun. Lan sampun ngantos kito mbenjing pejah kejawi netepi agomo Islam. Gusti Allah dawuh wonten surat Ali Imran, 102:
Yaa ayyuhalladziina aamanuu ittaqullaaHa haqqa tuqaatihi wa laa tamuutunna illaa wa antum muslimuun.
Artosipun: Hei wongkang podo iman, takwoho siro kabeh marang Gusti Allah kanti saktemene takwo, lan ojo mati kejobo netepi Islam.
Tindak lampah ingkang kalebet takwo ing antawisipun ngatahaken ibadah lan amal kesaenan wonten wekdal ingkang minulyo, kados wekdal meniko, wulan Dzulhijjah. Kanjeng Nabi dawuh ing setunggale hadits wonten Musnad Ahmad dipun riwayataken Ibn Umar:
'An Ibn Umar 'anin-nabiyyi shallallaahu 'alaihi wa sallam qaala: Maa min ayyaamin a'zhamu 'indallaahi wa laa ahabbu ilayhi minal-'amali fiihinna min haadzihil-ayyaamil-'asyr, fa-aktsiruu fiihinna minat-tahliili wat-takbiiri wat-tahmiid.
Artosipun: Dipun riwayataken saking Ibn Umar saking kanjeng Nabi, panjenenganipun dawuh: Ora ono dino-dino kang luweh agung lan didemeni mungguhe Gusti Allah ketimbang amal kang dilakoni ing njeroning sepuluh dino (Dzulhijjah), mongko ngakehno siro kabeh ingdalem dino-dino iku kelawan tahlil, takbir lan tahmid.
Hadirin RahimakumulLah
Kedah kito mangertosi, bilih wulan Dzulhijjah nggadah dinten ingkang minulyo, nggih meniko salah setunggale dinten riyadine umat Islam, ingkang dipun wastani kaliyan Idul Adha utawi riyadin kurban.
Katah sanget amaliah-amaliah sae ingkang menawi dipun lampahi angsal ganjaran soho piwales ingkang ageng, mboten sami kaliyan menawi dipun lampahi wonten lintunipun Idul Adha. Salah setunggalipun amaliah ingkang dipun remeni Gusti Allah wonten dinten riyadin meniko, mbeleh hewan kurban.
Wonten kitab Sunan Turmudzi, 1413 dipun dawuhaken:
Maa 'amila aadaamiyyun min 'amalin yauman-nahri ahabba ilallaahi min ihraaqid-dam. Innahaa lata'tii yaumal-qiyaamati biquruuNihaa wa asy'arihaa wa azhlaafihaa. Wa innad-dama la-yaqa'u minallaahi bimaakaanin qablaa an yaqa'a minal-ardhi, fathiiibuu bihaa nafsan.
Artosipun: Ora ono ngamale anak-putune Nabi Adam, ingdalem dino riyoyo kurban kang didemeni Gusti Allah ketimbang miliaken getih, yakni mbeleh hewan kurban. Saktemene, sesok ing dino Kiyamat, hewan-hewan kurban iku teko lengkap kanti sungune, wulune lan kuku-kukune. Saktemene, ganjarane kurban iku wis tumeko marang Allah sak durunge getihe hewan kurban iku netes tanah. Pramilo, podo mbagusono ati siro kabeh kanggo ngelakoni kurban. (HR. Imam Turmudzi, Ibn Majah).
Jamaah Jumat RahimakumulLah
Mundut saking pepertelan dawuh-dawuh meniko, langkung sae maleh kito cawis-cawis, nguripi dinten sakderenge kagem nyambut Idul Adha, supados tambah sempurno. Misale, nindakaken poso Tarwiyah lan Arafah. Shaikh Abdurrahman bin Abdussalam ing kitab Nuzhatul Majalis nyebataken:
Man shaama yaumat-tarwiyah a'taahullaahu tsawaaba Ayyuuba 'alaihis-salaam 'alaa balaa'ihi, wa man shaama yaumal-'arafah a'taahullaahu tsawaaban mitsla tsawaabi 'Iisaa 'alaihis-salaam.
Artosipun: Sopo wonge poso dino Tarwiyah mongko Allah aweh ganjaran koyo ganjarane Nabi Ayub AS naliko oleh cobo, lan sopo wonge poso dino Arafah, Allah paring ganjaran koyo ganjarane Nabi Isa. Lajeng setunggal hadits kaitane kaliyan kautamane poso dinten Arafah, inggih meniko:
Wa 'anil-Fadl ibni al-'Abbaas radiyallaahu 'anhu 'anin-nabiyyi shallallaahu 'alaihi wa sallam qaala: Man hafidza lisaaNahuu wa sam'ahuu wa basharahu yauma 'arafah, ghufira lahu ilaa 'arafah.
Artosipun: Dipun riwayataken saking Fadlal ibn Abbas, saking Kanjeng Nabi Muhammad: Sopo wonge ngerekso lisane, kupinge lan mripate ingdalem dino Arafah, mongko duso-dusone dipun ngapuro Gusti Allah tumeko dino Arafah kang bakal tumeko. (Syuabul Iman lil Baihaqi)
Pramilo, mundut saking keterangan hadits meniko, kangge nggayuh kautaman ingkang agung, monggo, milai sakniki kito sami sinau ngrekso lisan, ngerekso kuping, soho peningal kito. Ampun ngantos mripat, kuping soho lisan kito ginaaken kangge perkawis ingkang mboten dipun demeni kaliyan Allah, malah nyebabaken bendune Allah.
Pinten-pinten perkawis ingkang nyebabaken bendune Allah, niku contohe kados dene goroh, nggunem alane liyan, ngrasani, mirengne utawi ningali perkawis-perkawis ingkang dipun larang dining agomo.
Mugi-mugi kito sedoyo saget ngelampahi sedoyo kesaenan, nebihi larangan, ningkataken amal ibadah, lan pikantuk rahmat maghfiroh saking Gusti Allah, langkung-langkung wonten dinten Tarwiyah lan Arafah ingkang dumawah tanggal 8 lan 9 Dzulhijjah.
A'uudzu billaahi minasy-syaitaanir-rajiim. Bismillaahir-rahmaanir-rahiim. Qul yaa 'ibaadiyalladziina asrafuu 'alaa anfusihim laa taqnathuu mir-rahmatillaah. Innallaaha yaghfirudz-dzunuuba jamii'an. Innahuu huwal-ghafuurur-rahiim.
Baarakallaahu lii wa lakum fil-Qur'aanil-'azhiim, wa nafa'anii wa iyyakum bimaa fiihi minal-aayaati wadz-dzikril-hakiim. Aquulu qawlii haadzaa wa astaghfirullaahal-'azhiim lii wa lisaairil-muslimiin, fastaghfiruuhu min kulli dzanbin, innahuu huwal-ghafuurur-rahiim.
2. Neladani kesabaran Nabi Ibrahim lan Birrul Walidain Nabi Ismail

(Dimulai dengan takbir)
Alhamdulillaahil ladzii ja‘ala lilmuslimiina ‘iidal-adhaa ba‘da yawmi ‘arafah.
Asyhadu an laa ilaaha illallaahu wahdahu laa syariikalah.
Wa asyhadu anna sayyidanaa Muhammadan ‘abduhu wa rasuuluh.
Allaahumma shalli wa sallim ‘alaa sayyidinaa Muhammad, wa ‘alaa aaliihi wa ash-haabihi wa anshaarihi wa junuudihi, wa man tabi‘ahum bi ihsaanin ilaa yaumid diin.
Amma ba‘du:
Fayaa ma‘asyiral muslimiin rahimakumullaah,
Ittaquullaaha haqqa tuqaatih, wa laa tamuutunna illaa wa antum muslimuun.
Qaala Allaahu ta‘aalaa fil Qur’aanil ‘Azhiim:
Bismillaahir rahmaanir rahiim.
Rabbi hab lii minash-shaalihiin. Fa basysyarnahu bighulaamin haliim.
Jama'ah Idul Adha Rahimakumul
Monggo kito sesarengan ningkataken takwa lan ajrih dumateng Gusti Allah, amergi saking takwo saget pikantuk ridone Gusti Allah lan nggayuh kabegjan dunyo akherat. Pramilo, takwo niku dados punjere tiyang mukmin.
Selawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang kito ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten dinten Kiamat. Ugi, saking Kanjeng Nabi Muhammad kito sedoyo saget mangertosi carane ngelampahi amal ibadah lan kesaenan, sehinggo kito sedoyo saget selamet dunyo akherat.
Dinten sakmeniko, dinten riyadin kurban ingkang dipundut saking tindak lampahe Nabi Ibrahim naliko diuji kaliyan Gusti Allah. Gusti Allah dawuh:
Wa idzi ibtalaa Ibrahima rabbuhu bikalimaatin fa-atammahunna. Qaala innii jaa’iluka linnaasi imaama. Qaala wa min dzurriyyatii. Qaala laa yanaalu ‘ahdizh-zhaalimiin.
(Al-Baqarah: 124)
Artosipun: Lan nalikane Gusti Allah nyubo (nguji) Nabi Ibrahim kelawan pirang-pirang kalimat (perintah lan larangan), mongko Nabi Ibrahim nindakaken kanthi sempurno. Gusti Allah dawuh, saktemene ingsun bakal ndadekno siro dadi pemimpin menungso. Nabi Ibrahim matur, lan saking tedak turun kulo. Gusti Allah dawuh: janji ingsun ora bakal mekenani (ngenani) wong-wong dzolim.
Ayat meniko dipun pertelaaken ing tafsir Ibn Katsir lan tafsir Jalalain bilih maknane "kalimatin" meniko "aturane agomo" ingkang ngeliputi babakan perintah lan larangan. Tegese Nabi Ibrahim diuji Gusti Allah supados ninda'aken sedoyo perintah lan nebihi laranganipun. Salah setunggale perintah ingkang kedah dipun laksanaaken nggih meniko mbeleh Nabi Ismail, putrane piyambak.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, wa lillaahil-hamd
Hadirin Ingkang Minulyo,
Perintah mbeleh putrane piyambak niki dados ujian sabar kagem Nabi Ibrahim. Padahal Nabi Ibrahim dangu ngajeng-ngajeng sanget nggadah putro ingkang ngewarisi perjuangane. Nabi Ibrahim ngantos ndungo:
Rabbi hab lii minas-shaalihiin. Fabasysyarnahu bighulaamin haliim.
Artosipun: Duh Gusti Allah, kulo nyuwun panjenengan paringi kulo kalebet saking golongane tiyang shalih. Mongko ingsun (Allah) paring bebungah ing Nabi Ibrahim kelawan nggadah putro ingkang jembar dodone (sabar).
Wonten tafsir Baghowi "hab liy minas sholihin" dipun tafsiri:
Ya'nii hab lii waladan shaalihan minas-shaalihiin
Artosipun: Kulo nyuwun panjenengan paringi putro ingkang shalih saking golongane tiyang-tiyang shalih.
Perintah mbeleh niki kaprahe abot sanget dipun laksana'aken kagem sinten kimawon, nopo maleh ingkang puluhan tahun mboten nggadah putro, ananging Nabi Ibrahim mboten kados ngoten. Nabi Ibrahim dados kekasihe Gusti Allah ingkang nggadah kesabaran lan keyakinan mantep marang perintahe Gusti Allah.
Sinaoso mekaten, Nabi Ibrahim mbika' komunikasi lan mirengaken pendapat putrane babakan impen mbeleh kasebat, ingkang naliko niku Nabi Ismail kinten-kinten yuswo pitu utawi telulas tahun. Peristiwa meniko dipun sebataken wonten surat As-Shaaffaat, 102:
Falamaa balagha ma‘ahu as-sa‘ya, qaala yaa bunayya innii araa fil-manaami annii adzbahuka, fandzur maadzaa taraa. Qaala, yaa abatii if‘al maa tu’mar, satajidunii in syaa’ Allaahu minash-shaabiriin.
Artosipun: Semangsane (Nabi Ismail) wis tekan umur iso mlaku bareng Nabi Ibrahim (abahe), Nabi Ibrahim dawuh, Hei anak cilik ingsun, saktemene ingsun ningali ingdalem impen, saktemene ingsun mbeleh siro. Mongko pikiren koyok opo pendapat siro. Lajeng Nabi Ismail matur:
Duh Bopo-ku, panjenengan tinda'aken nopo ingkang dipun perintahaken dumateng panjenengan. Insya Allah, panjenengan bakal manggihi kulo kalebet golonganipun tiyang ingkang sabar.
Kekalihipun pasrah, nampi perintahipun Gusti Allah lan nyerahaken perkawis ingkang diadepi dumateng Gusti Allah. Saking peristiwa niki, Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail paring tulodo kagem kito sedoyo nalikane ngadepi ujian supados nggadah sifat sabar, ugi ngewangsulaken sedoyo perkawis dumateng Gusti Allah.
Mongko naliko kekalihipun pasrah, Nabi Ibrahim ngelumahaken Nabi Ismail ing pilingan, lan nyelehaken lading marang gulunipun, dumadakan Gusti Allah paring dawuh:
Qad shaddaqtar-ru’yā. Innā kadzālika najzil-muḥsinīn. Inna hādzā lahuwal-balā’ul-mubīn. Wa fadaynāhu bi-dzibḥin ‘aẓīm.
(As-Shaaffaat: 105–107)
Artosipun: Saktemene siro wis mbeneraken ngimpi iku, saktemene ingkang koyok mengkunu Ingsun (Allah) paring walesan marang wong-wong kang ngelakoni kebagusan. Saktemene iki bener-bener ujian kang nyoto. Lan Ingsun (Allah) tebus kelawan sembelihan kang agung.
Saklajenge dipun dugiaken mendho saking suwargo, supados dipun beleh. Mongko Nabi Ibrahim mbeleh mendho saking suwargo, minongko dados tebusane Nabi Ismail.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, wa lillaahil-hamd
Jamaah Idul Adha Ingkang dirahmati Allah.
Monggo kito mundut tupo tuladha saking Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail. Kados pundi kekalihipun pasrah dumateng perintahipun Gusti Allah lan abote ujian nalikane diperintah ngurbanaken perkawis ingkang dipun demeni.
Salah setunggale tulodo saking Nabi Ibrahim nggih meniko tiyang sepah ingkang mboten goroh dumateng putra wayahipun lan paring kesempatan putrane damel mikir keputusane. Mboten malah mekso putro wayahipun.
Lajeng tuladha saking Nabi Ismail arupi ngabektine yugo dumateng romonipun ingkang kalebet birrul walidain, mboten mbantah, langkung-langkung kumowani. Nabi Ismail nderek dawuh romonipun kranten yakin bilih romonipun angsal perintah saking Gusti Allah lewat impenan kang temen.
Pramila, monggo kito sedoyo ingkang sepuh sageto mirengake pendapate putro wayah, ugi putro wayah sageto ngabekti hormat dumateng tiyang sepah. Kranten ajining keluargo diukur saking welas asihe tiyang sepah lan ngabektine putro wayah. Mugi-mugi kito sedoyo tansah pikantuk pitulung lan rahmate Gusti Allah.
Baarakallaahu lii wa lakum fil-Qur’anil-‘azhiim, wa nafa’anii wa iyyakum bimaa fiihi minal-aayaati wadz-dzikril-hakiim.
Wataqabbalallaahu minnaa wa minkum tilaawatahu. Innahu Huwas-Samii’ul-‘Aliim.
3. Hikmah syariat kurban

Alhamdulillahi alladzi amâta wa ahyâ.
Alhamdulillahi alladzi amarana bit-taqwâ wa nahânâ 'anittibâ'il hawâ.
Alhamdulillahi alladzi ja'ala lanâ 'îdal-fithri wal-adhâ.
Asyhadu an lâ ilâha illallâh ni'mal-wakîl wa ni'mal-mawlâ,
wa asyhadu anna sayyidanâ Muhammadan 'abduhû wa rasûluh,
wa man yunkirhu faqad dhalla dhalâlan ba'îdâ.
Wa shallallâhu 'alâ sayyidinâ wa habîbinâ al-Musthâfâ,
Muhammadin nabiyyil-hudâ, alladzî lâ yanthiqu 'anil-hawâ,
in huwa illâ wahyun yûhâ,
wa 'alâ âlihî wa ash-hâbihî ahlish-shidqi wal-wafâ.
Allâhummaj-'alnâ mimmanittaba'ahum bi-ihsânin ilâ yaumil-jazâ.
Amma ba'du:
Fayâ ayyuhal-ikhwân, ûshîkum wa nafsî bitaqwâllâh wa thâ'atihî la'allakum tuflihûn.
Qâlallâhu ta'âlâ fil-Qur'ânil-karîm:
A'ûdzu billâhi minasy-syaithânir-rajîm,
Bismillâhir-rahmânir-rahîm:
Wa lillâhi 'alan-nâsi hijjul-baiti manistathâ'a ilaihi sabîlâ, wa man kafara fa innallâha ghaniyyun 'anil-'âlamîn.
Wa qâla aydhan:
Innâ a'thainâkal-kautsar, fa shalli lirabbika wanhar, inna syâni'aka huwal-abtar.
Shadaqallâhul-'azhîm.
Kaum Muslimin Muslimat rahimakumullah
Minongko purwaning atur monggo kito ngunjukaken syukur dateng ngarso dalem Allah, awit peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpo kawical-wical, langkung-langkung rahmat kawilujengan lan yuswo panjang dateng kito sedoyo, sahinggo enjang puniko kito tasih saget menangi malih dinten riyoyo Idul Adha, lan saget makempal ing masjid puniko kanti kawontenan sehat wal afiat.
Inggih namung Allah Pengeran kito ingkang maringi nikmat lan kanugrahan. Milo inggih namung dateng panjenenganipun Allah ta'ala kito manembah lan ngumawulo, jumbuh kaliyan dawuhipun:
Wa inna Allaha rabbee wa rabbukum fa'buduhu haza siraatum mustaqeem
Artosipun: Sejatine Allah iku Pengeranku lan Pengeranmu, mulo podo nyembaho siro kabeh ing Allah, ya iki dedalan kang jejek. (QS Maryam: 36)
Kaum Muslimin Muslimat rahimakumullah
Sumonggo kito sesarengan tansah nambahi takwa lan taat kito dateng Allah kanti mbudi doyo murih saget nindakaken sedoyo dawuh lan perintahipun, soho nilar lan nebihi sedoyo cegah lan awisanipun. Sikap mental ingkang mekaten kedah manjing dados kepribadian tumrap tiang Mukmin.
Kanjeng Nabi sallallahu 'alaihi wa sallam paring dawuh ingkang artosipun kirang langkung mekaten:
Artosipun: Wedio siro ing Gusti Allah, ing endi nggon ono siro, tut burenono kaelekan iku kelawan kebecikan, jalaran kebecikan iku bisa nglebur kaelekan, lan gaweo budi pekerti siro kelawan budi pakerti kang becik. (HR Turmudzi)
Mekaten ugi estunipun takwa minongko Solusi kangge nggayuh pitulung saking ngarsa dalem Allah. Kados dawuhipun Allah:
Wa man yattaqillaha yaj'al lahu min amrihi yusra
Artosipun: ...Lan sopo wae kang takwa marang Allah, mongko Allah bakal ndadekake perkoro kang angel songko wong kuwi dadi gampang. (QS At-Thalaq: 4)
Allahu akbar, Allahu akbar, Allahu akbar, walillahil hamd
Kaum Muslimin Muslimat rahimakumullah
Dinten puniko dinten ingkang agung, ngantos Allah ngaramaken siyam tumrap kito ing dinten meniko ngantos telasipun dinten Tasyriq. Dinten puniko kawastanan dinten Riyoyo Adha utawi Riyoyo Kurban, jalaran Allah merintahaken dateng kito supados nyembelih hewan kurban tumrap kito ingkang pinaringan kajembaran.
Ibadah kurban dipun syariataken minongko sarono taqorrub, nyaketaken dateng Allah, minongko bukti ketaatan dateng Allah, kanti nglilakaken sakperangan hak milik kito, bondo kito ingkang arupi kewan ternak mendo utawi lembu kasembelih minangko kurban.
Kito kedah yakin bilih ingkang bade katur dateng ngarsanipun Allah sanes daging menopo dene rahipun kewan kurban, ananging ketaatan, keikhlasan, ketakwaan, dateng Allah ingkang bade kunjuk datengipun ngarsanipun Allah. Kados dawuh Al-Qur'an:
Lan yanaalahullah luhumuha wa laa dimaa'uha walakin yanaaluhut taqwaa minkum
Artosipun: ....Ora pisan-pisan bakal tumeko ing ngarsane Allah daging-daginge unta lan getihe, ananging takwaniro kang bakal nggayuh karidhane Allah. (QS Al-Hajj: 37)
Babar pindah daging lan rahipun kurban mboten bade kunjuk dateng ngarsanipun Allah, ananging amalan takwanipun ingkang bade dumugi wonten ngayunan dalem Allah. Dene dagingipun kurban manfaatipun wangsul dateng sesami minongko amal sosial.
Sahinggo gamblang bilih syariat kurban puniko anggadahi manfaat ganda, hablun minallah minongko kumawulo kito, nuhoni dawuhipun Allah. Dene hablun minannas minongko amal sosial ingkang tumanduk dateng sesami.
Saking arah sanes, kurban estunipun ngengetaken manuso supados giat mbangun ekonomi ingkang sahe saho ndidik semangat pribadi lan jiwo sosial lan tanggap dateng urusan kemasyarakatan. Sedoyonipun tentu katindaken kerono Allah lan namung murih dateng karidhanipun Allah.
Saking segi sanesipun berkurban puniko kinaryo sarono mediasi nggalang dateng kemanunggalan umat, soho sarono nyaketaken antawis tiyang ingkang sugih, lebih, luwih, lan ingkang miskin sarwo kekirangan, sahinggo mboten wonten garis pemisah antawis kekalihipun. Menawi estu-estu saget nggadahi fungsi mekaten kurban meniko, tentu gesangipun manungso tansah tenang lan ayem tentrem.
Tiang-tiang miskin mboten nate rumaos kesio-sio lan ino, malah rumaos dipun tresnani lan dipun welasi, sahinggo mboten cemas ngadepi pagesangan puniko. Mekaten ugi ingkang sugih, mboten nate kuatos dipun drengkeni lan dipun mengsahi dening tiyang miskin. Sahinggo ugi mboten nate wonten raos nindes lan nganingoyo dateng fakir miskin, malah trisno lan welas asih ingkang tansah tuwuh ing manahipun.
Mekaten ugi sesambetan antawis pemerintah lan ingkang dipun perintah, antawis pendatang lan penduduk asli pribumi, sedoyo tansah gesang berdampingan kanti sae mboten nate tuwuh kecemburuan, raos iri lan drengki. Kados ingkang kagambaraken dening Allah ing dawuhipun:
Lil fuqara'il muhajireena alladziina ukhrijoo min diyarihim wa amwaalihim yabtaghoona fadlan minallahi wa ridwanan wa
yansuroona Allaha wa Rasulahu ulaa'ika humu-s-sadiqun
Artosipun: Tumrape wong-wong fekir kang podo hijrah kang diusir songko desane lan bandane, lan kerono murih kanugerahan lan karidhan songko Allah, lan wong-wong kuwi tansah mitulungi agamane Allah lan utusane. Ya wong-wong kang koyo mengkono kuwi kang pada bener. (QS Al-Hasyr: 8)
Allahu akbar, Allahu akbar, Allahu akbar, walillahil hamd
Kaum Muslimin Muslimat rahimakumullah
Mekaten antawisipun hikmah anggenipun dipun syariataken ibadah kurban, minongko ibadah raos kumawulo dateng ngarsanipun Allah, lan ugi minongko amal berdimensi sosial ingkang sanget dipun raosaken manfaatipun dining sesamining manungso. Menawi syariat puniko saget kaleksanaken kanti sae, tentu sedoyo umat Islam bade ngraosaken lan nekseni kaagunganipun syariat agami puniko.
Bilih syariat agami kito puniko tansah mbekto dateng keseimbangan antawis perkawis kalih hablun minallah lan hablun minannas, antawis duniawi lan ukhrawi, mekaten ugi sanget ngormati dateng akal, njagi katenangan jiwa lan jasmani, sahinggo bade sampurno kebahagiaanipun manungso.
Mugi-mugi Allah maringaken hikmah saking ibadah kurban puniko. Sahinggo poro kawulanipun ngraosaken berkah lan faedah ingkang katah ing dinten Riyoyo Kurban puniko. Soyo gumbregah nindakaken taat ibadah dateng Allah taala, lan ugi ibadah sosial remen tetulung lan welas asih dateng sesami, kangge nggayuh kabekjaning gesang donya lan akhirat.
Allahu akbar, walillahil hamd
Kaum Muslimin Muslimat rahimakumullah
Kito nindakaken ibadah kurban kerono nderek tindakipun bapa kito Nabi Ibrahim, Allah dawuh:
Ani ittabi milata Ibraheema hanifan wa ma kana minal mushrikeen
Artosipun: .....ndereko sira marang agamane Ibrahim kang lurus, lan Ibrahim iku dudu golongane wong kang pada anyekuthoake. (QS An-Nahl: 123)
Nabi Ibrahim as nampi ujian ingkang sanget amrat wusananipun Allah ngangkat derajatipun Nabi Ibrahim jalaran milo lulus ujian. Tumrap kito nampi pacoban saking Allah menawi saget nampi kanti sabar lan ridha, sahinggo imanipun soyo tambah, soyo mempeng nindakaken ngibadah.
Insyaallah kito bade kaparingan derajat ingkang langkung luhur menggahipun Allah. Kawontenan kito bade langkung sae manah langkung Tentrem. Insyaallah kito bade manggih karaharjan lan kemakmuran. Allah sampun paring pangandiko:
Man 'amila saalihan min dhakarin aw untha wa huwa mu'minun falanuhyiyannahuu hayaatan thayyibah
Artosipun: Sing sopo wonge amal soleh nindakake kebecikan, lanang utowo wadon, ing mongko wong iku beriman, mesti wae wong iku tak paringi panguripan kang makmur. (QS An-Nahl: 97)
Wusono mugi-mugi kito tansah kaparingan kawilujengan, katentreman, lan kebahagiaan soho karidlan saking ngarso dalem Allah SWT. Amin.
Semoga contoh khutbah Idul Adha berbahasa Jawa ini dapat menjadi inspirasi dalam menyampaikan pesan keislaman yang menyentuh dan bermakna. Mari kita sambut Idul Adha dengan penuh keikhlasan, kepedulian, dan semangat berkurban demi meraih keberkahan bersama.