5 Ikrar Halal Bihalal dalam Bahasa Jawa, Penuh Harapan!

Halal bihalal menjadi salah satu tradisi yang melekat pada umat Islam di Indonesia. Tradisi ini rutin dilakukan oleh umat Islam ketika hari raya Idul Fitri. Pada umumnya, umat Islam di Indonesia akan berkumpul dengan seluruh anggota keluarga untuk saling memberi dan meminta maaf yang akan dipimpin oleh salah seorang anggota keluarga untuk berikrar.
Gak heran, bila ikrar menjadi salah satu hal penting dalam kegiatan halal bihalal. Pada umumnya, ikrar akan dibacakan atau disampaikan oleh salah seorang peserta halal bihalal.
Terdapat berbagai macam pilihan bahasa yang dapat digunakan, tetapi biasanya masyarakat Jawa akan menggunakan bahasa Jawa ketika ikrar halal bihalal. Yuk, simak contoh ikrar halal bihalal dalam bahasa Jawa berikut ini!
1. Contoh ikrar halal bihalal penuh minta ampun

Kanthi menika, Kula ikrar bilih kanthi manah ingkang ikhlas, lega legawa. Kula hangluberaken pangapunten dhumateng sedaya kalepatan panjenengan ingkang sami rawuh ing papan panggenan menika. Kalepatan ingkang ageng utawi alit, ingkang kasengaja saha ingkang mboten kasengaja, ingkang asifat lahir saha ingkang asifat batos.
Ugi ngaturaken panyuwunan, dhumateng panjenengan sadaya mugi-mugi kapareng lan kersaha paring pangapunten dhumateng sedaya kalepatan kula. Kalepatan ingkang ageng utawi alit, ingkang kula sengaja saha ingkang boten kula sengaja, ingkang asifat lahir saha ingkang asifat batos.
Mugi-mugi kanthi ikrar menika Gusti ingkang Maha Asih kapareng paring pangapunten dhumateng sedaya dosa kalepatan kita, ingkang ageng menapa dene ingkang alit, ingkang kita sengaja menapa dene boten kita sengaja.
Mugi-mugi Gusti ingkang Maha Mirah tansah paring pitedah saha paring barokah. Menggah gesang lan panggesangan kita satemah tansah manggih kabegjan dunya akherat. Aamiin Aamiin aamiin Yaa Robbal'alamiin.
2. Contoh ikrar singkat

Kanthi nyuwun ridhonipun Allah SWT kita sedaya ingkang lenggah samia nglenggana gadahi salah, khilaf, lan dosa. Kanthi punika kita ikhlas ikrar halal bihalal sepuh punapa ingkang anem sami-sami paring lan nyuwun pangapunten antawis satunggal dhumateng sanesipun mugi Allah SWT paring ridho dateng lampah ingkang pinuji punika kanthi kairing donga:
Taqoballahu minna wa minkum, minal aidzin wal faidzin
Mugi-mugi kita sedaya tansah wangsul dateng fitrah lan Allah tansah paring bimbingan dhumateng kita sedaya dateng kasaenan lan pangibadahan.
3. Contoh ikrar halal bihalal ditujukan kepada-Nya

Duh Gusti Allah pangeran kula. Sedaya pangalembono kunjuk wonten ngarso paduka. Wonten ing dinten menika, kula sami silaturahmi, saperlu halal bihalal.
Dhumateng bapak/ibu engkang kaleres sepuh. Kulo ngaturaken raos bektos kula. Dhumateng kadang sesami, kula ngaturaken salam takdzim kula. Dateng adik-adik engkang kaleres anem, kula ngaturaken raos tresno kula.
Wonten Riadin Fitri menika, Kula nglenggono sedoyo kalepatan soho kekhilafan kula. Dhateng panjenengan sedoyo.
Mbok bilih panjengan sedoyo, kagungan kalepatan soho kekhilafan dateng kula, saestu kanthi longgaring manah, kula caos pangapunten dhateng panjenengan sedoyo. Mugi-mugi Allah SWT, tansah paring pitedah saha pitulungan dateng kita.
Sahingga kita saged njagi iman saha taqwa kita, Ibadah saha amal sholeh kita. Mugi-mugi Gusti Allah nampi amal ibadah kita, tansah paring pangapunten dateng sedoyo dosa kalepatan kita, tansah paring ijabah dateng sedoyo panyuwunan kita. Rabbana atina fiddunya hasanah, wa fil akhiroti hasanah Waqina' adza bannar.
4. Contoh ikrar halal bihalal penuh harapan

Bismillaahirrahmaanirrahiim. Asyhadu alla ilaaha illallah. Wa asyhadu anna Muhammadarrosulullah. Kepareng matur, dumateng Ibu/Bapak sederek sedaya ingkang kaleres sepuh, kula ngaturaken sungkem pangabekti mugi katur ing ngarsa panjenengan. Dumateng ibu/bapak sederek sedaya ingkang langkung enem lan sesami-sami, kula ngaturaken salam taklim mugi katur ing ngarsa penjenengan. Ing dinten riyaya Idulfitri 1445 H punika, kula ngaturaken sugeng riyadi, taqabalallahu minna wa minkum. Mugi Gusti Allah nampi sedaya amal ibadah lan amal kesaenan kita ing wulan Ramadan.
Ting kasempatan niki, kula ngaturaken sedaya kalepatan kula, lahir trusing bathos, kanti tandesing manah, saestu nyuwun pangapunten mugiya panjenengan paring pangapunten dumateng kula. Mekaten ugi, mbok bilih panjenengan, kagungan kelepatan dhumateng kula, kanthi ikhlasing manah kula nyaosakaen pangapunten dumateng panjenengan sedaya. Mugi-mugi Gusti Allah ngijabahi saha paring maghfirah dumateng kita sedaya. Amin, amin, Ya robbal ‘alamin.
Mekaten ikrar Syawalan ingkang kita aturaken. Katah lepat saha kirang mranani ing penggalih, kula nyuwun agungin pangaksama. Wabilahittaufiq wal hidayah Wassalamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh
5. Contoh ikrar yang panjang

Mugya sedaya puji ugi sokur tansah konjuk dhumateng Ngarsa Dalem Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring kathah sanget kanikmatan dhumateng kita sedaya. Saengga ing titi wanci ingkang endah punika kita taksih saged nindakaken sembahyang Idul Fitri 1445 Hijriyah kanthi lancar tanpa wonten setunggal alangan punapa.
Mugya sholawat saha salam mugi tansah dipuntetepaken Allah dhumateng Kajeng Nabi Agung Rosulullah Muhammad SAW, para kaluwarga, ugi para sahabat, sarta sedaya penderekipun ingkang tansah mituhu dhumateng sedaya piwulangipun. Para bapak ugi Ibu ingkang kula bekteni sarta kula khurmati, keparenga kula ing ngriki jumeneng kagem marak sowan ing marang panjenengan sami, ingkang saperlu nderekaken panjenengan sedaya kagem nindakaken ikrar halal-bihalal ing titi wanci punika.
Salajengipun kula ingkang badhe matur supados panjenengan sedaya kersa anniroaken napa kemawon ingkang badhe kula ucapaken. Saderengipun kita wiwiti adicara punika, becikipun kita wiwiti kanthi maos basmallah kanthi sesarengan, sumangga kula wiwiti kanthi sesarengan.
Bismillahirahmanirahim Asyhadu alla ilaaha illallah. Wa asyhadu anna Muhammadarrosulullah. Kepareng kula matur, dhumateng para bapak lan ibu sarta sederek sedaya ingkang kaleres sepuh, kula tindakaken sungkem pangabekti mugi tansah katur ing ngarsa panjenengan sedaya. Dhumateng bapak ugi ibu sederek sedaya ingkang langkung enem, kula ngaturaken salam memitran mugia tansah katur ing ngarsa penjenengan.
Salebnetipun dinten riyaya Idul Fitri punika, kula ngaturaken sugeng riyadi, taqabalallahu minna wa minkum. Mugia Gusti Allah tansah kersa nampi sedaya amal ibadah sarta kesaenan kita ingkang sampun kita tindakaken ing wulan Ramadhan kala wingi. Salajengipun kula nyuwun pangaksama saking sedaya kalepatan kula, kanthi tulus trusinng batin, kanthi tandes dumugi manah, saestu kula nyuwun agunging pangaksama mugia panjenengan kersa paring pangaksama marang kalepatan kula.
Sematen ugi, bilih panjenengan ingkang kagungan kelepatan dhumateng kula, kanthi lila sarta ikhlasing batin kula sampun apura kalepatan panjenengan sedaya. Mugya Gusti Ingkang Maha Wikan tansah paring ijabah sarta paring pangaksama saking kalepatan kita sedaya. Amin, amin, Ya robbal ‘alamin. Mekaten sarta cekap semanten rumiyin ikrar syawalan ingkang saged kita aturaken.
Menawi wonten lepating pangucap sarta wonten tumindak kula ingkang diraos kirang mranani salebeting penggalih, saestu kula nyuwun agunging pangaksama. Wassalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.
Banyak juga kan contoh ikrar halal bihalal dalam bahasa Jawa? Yuk, langsung sontek ikrar di atas dan buat acara halal bihalalmu semakin berkesan!